Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
250 dari 258
785–786 dari 810
7.847–7.856 dari 8.099
250.02 Martayuda aranirèng janmi | pinundhut sang katong | nèng pakuwon kinarya carike | duk kalane wau sri bupati | dèrèng [4: 279] darbe carik | puniku pinundhut ||
250.03 Martayuda wau darbe rabi | ayu maksih anom | gandês luwês pantês salewane | galak ulat lan landhêp ing liring | kadya pasopati | laraping pasêmun ||
250.04 wus adangu dènira ningali | mring pangran patya nom | ingkang dadya rasaning driyane | Bok Martayuda sajroning ati | Pangran Adipati | tuhu yèn binagus ||
250.05 ambaranyak luruhe rêspati | bisa wèh wirangrong | dene nyamlêng kalawan swarane | gêtas rênyah ulêm arum manis | ing nagri Sêmawis | tan na ro têtêlu ||
250.06 dadya tikbra sajronirèng ati | rongèh dènnya lunggoh | kasêmêkan jingga ting kathèthèr | supe kathah rowangira linggih | mung Pangran Dipati | kang mukêt jêjantung ||
250.07 riwe kumyus kadya dèn sirami | gêlungira kêndho | ni bok wontên rencange kang dhèrèk | Biyang Garêm waspada ing wadi | jawil-jawil ririh | anggèr dawêg mantuk ||
250.08 solah dika sangêt ngatawisi | têka sarwa loyop | mulat maring wong bagus bêksane | kula anggèr sampun nini-nini | myarsa swara nganti | kapoyuh ping pitu ||
250.09 yèn sampuna putraning nrêpati | tamtu kula gablog | botên etang ginêbug pakane | malah lajêng kula turi gusti | ngidung angrêrêpi | anèng wisma ulun ||
250.10 pakne Garêm yèn purun kang pasthi | kula kèn bêborong [4: 280: bê...borong] | pêpanganan tanapi wedang tèh | yèn tan purun kula sade Bugis | dimèn anglampahi | dados saradhadhu ||
250.11 sampun mênggah anggèr dhasar maksih | ayu tuwin anom | yèn botêna obah sadayane | nanging anggèr prayogi dèn ririh | masa lêpat masthi | yèn kenging pinulut ||
785–786 dari 810