Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
252 dari 258
793–794 dari 810
7.924–7.933 dari 8.099
252.19 duta ingkang saking Têgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | sami aturanira | abdi dalêm nuwun bantu | wagugên tyas naradipa ||
252.20 kasêmbuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Ungaran | nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan | abdi dalêm sang aprabu | panakawan alit mila ||
252.21 tanpa garapan duk prapti | tumamèng ngarsa narendra | Mas Pangalasan ature | kawula atur uninga | ing pada padukendra | yèn mangke abdi sang mulku | Jayaningrat malik tingal ||
252.22 têluk dhumatêng Sêmawis | miwah [4: 292] wadya urut marga | wus sami binêkta kabèh | anungkul dhatêng Sêmarang | samangke Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | wontên ing nagri Sêmarang ||
252.23 bisikanira nrêpati | Susunan Mangkubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurahman Sayidina | Panata ing Agama | malah mangke wartosipun | badhe budhal sawadyanya ||
252.24 saking nagari Sêmawis | nglurug dhatêng Kartasura | sampun samêkta balane | inggih mêdal ing Ungaran | anjog ing Salahtiga | dene kang dados panganjur | arahan wadya Madura ||
252.25 ya ta wau sri bupati | miyarsa aturing wadya | saksana asru dhawuhe | hèh ta Patih Sumabrata | age sira dandana | sirèku budhala mêthuk | barisa ing Salahtiga ||
252.26 amêpêtana kang margi | lan sagung para punggawa | kang padha kalah pêrange | kabèh sira timbalana | ngumpula lawan sira | kyana patih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||
252.27 Patih Sumabrata aglis | sampun anêmbang têngara | gong bèri umyang swarane | orêg wadya Kartasura | sagung para punggawa | sadaya tan wontên kantun | tumut dhumatêng ki patya ||
252.28 kang kantun têngga nagari | rumêksa sri naranata | wadya kaparak lan gêdhong | kyana patih sigra budhal | mangkat mring Salahtiga | swarane wadya gumuruh | kadya ombaking samodra ||
793–794 dari 810