Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
255–256 dari 258
802–803 dari 810
8.016–8.025 dari 8.099
255.23 Rahadèn Suradiningrat | miwah Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih sami panganjur | lajêng campuh ing yuda | Ki Tumênggung Mangkuyuda mêngsahipun | tuwin Pangeran Balitar | arame dènira jurit ||
255.24 sigra satriya katrinya | sarêng mangsah singa katrajang gusis | wong Kartasura kèh lampus | datan moga[1] puliha | sira Pangran Balitar nulya lumayu | angungsi mring pabitingan | matur marang kyana patih ||
255.25 lamun mêngsahira prapta | Sumabrata sigra têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadya Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | sumêdya ngantêp ing jurit ||
255.26 wadya saragêni sigra | kinèn minggah marang ing balowarti | mariyêm tinata sampun | lela lan kalataka | sira Radèn Suradiningrat gya rawuh | myang Dyan Panji Surèngrana | Jayapuspita prajurit ||
255.27 satriya katiga mulat | lamun mêngsahira sampun bêbiting | tanpa wilangan kèhipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya [4: 304: Sura...baya] mandhêga karuhun | apan dudu bobotira | sira ngrangsang balowarti ||
255.28 padha ngêntèni ing wuntat | tuwan amral lan gusti sri bupati | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan polah | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun | kakang paduka nèng wuntat | kula kang nacak kariyin ||
255.29 ciptane manah kawula | yèn sun bobot sihipun sri bupati | kakang malah kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat alon sumambung | alêrês ujar punika | sigra angabani dasih ||
255.30 sumahab wong Surabaya | lawan wadya Madura golong pipis | wong ing Kartasura gupuh | mariyêmnya pinasang | swaranira pinyarsa lir gunung guntur | myang lela lan kalataka | sanjata arungan muni ||
255.31 pêtêng kukusing sandawa | alamêngan lir pendah têngah wêngi | wadya Sampang Surèngkewuh | kinarutug sanjata | datan gimir sangsaya sudiranipun | wus angrampit pabitingan | rinangsang sinomirèki ||
256. Sinom
256.01 kawarnaa sri narendra | miyarsa swaraning bêdhil | mariyême agênturan | anglir gunture kang ardi | surak gumuruh atri | sang nata narka wus campuh | baris ingkang pangarsa | kalangkung mirmaning galih | gya ginêlak lampahe kang wadyabala ||
802–803 dari 810

 


măngga. (kembali)