Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
255–256 dari 258
803–804 dari 810
8.022–8.031 dari 8.099
255.29 ciptane manah kawula | yèn sun bobot sihipun sri bupati | kakang malah kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat alon sumambung | alêrês ujar punika | sigra angabani dasih ||
255.30 sumahab wong Surabaya | lawan wadya Madura golong pipis | wong ing Kartasura gupuh | mariyêmnya pinasang | swaranira pinyarsa lir gunung guntur | myang lela lan kalataka | sanjata arungan muni ||
255.31 pêtêng kukusing sandawa | alamêngan lir pendah têngah wêngi | wadya Sampang Surèngkewuh | kinarutug sanjata | datan gimir sangsaya sudiranipun | wus angrampit pabitingan | rinangsang sinomirèki ||
256. Sinom
256.01 kawarnaa sri narendra | miyarsa swaraning bêdhil | mariyême agênturan | anglir gunture kang ardi | surak gumuruh atri | sang nata narka wus campuh | baris ingkang pangarsa | kalangkung mirmaning galih | gya ginêlak lampahe kang wadyabala ||
256.02 ing kali Cacing wus prapta | Kumpêni lumampah ngarsi | tumingal sri naranata | lamun wadya Surawèsthi | kalawan Madurèki [4: 305] | wus angrangsang bitingipun | wadya ing Kartasura | ambêdhili saking nginggil | kathah pêjah wadya Sampang Surabaya ||
256.03 ya ta Panji Surèngrana | awas dènira ningali | lamun wadyanira rusak | kalangkung dènira runtik | têdhak saking turanggi | adharat dènira ngamuk | Radèn Suradiningrat | Arya Jayapuspitèki | sarêng mangsah saya sru dènnya ngandika ||
256.04 hèh wong Sampang Surabaya | aja na mundur ing jurit | payo padha rinangsanga | ambubrah ing biting iki | wadya ing Surawèsthi | sumahab ing tandangipun | baluwarti rinangsang | lawunge ingkang kinardi | rêrambatan landhehan minăngka ăndha ||
256.05 minggah nginggil pabitingan | panggah wadya Kartawani | tan sêdya mundur ing rana | sanjata wus tanpa kardi | barung lawung prasami | swarane pating barêkuh | biringe kang rinêbat | ya ta wau sri bupati | arsa mangsah anyarirani ing yuda ||
256.06 wêlas dènira tumingal | wong Madura Surawèsthi | asangêt dènnya kangelan | dènira angrangsang biting | karoban mungsuhnèki | sigra abdinya kinumpul | atap sumiwèng ngarsa | Patih Cakrajaya ngarsi | Wirasana miwah Ki Wirasêntika ||
256.07 Citrawăngsa jajarira | angandika sri bupati | hèh Subah ingsun têtanya | kakangira ya Si Malim | nora ana kaèksi | kang tinanya nêmbah matur | pun kakang sawêg anglah | bêdhilên sukunirèki | langkung sangêt sengga tan sagêd lumampah ||
803–804 dari 810