Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 258
94–95 dari 810
934–943 dari 8.099
029.17 ya ta ingkang gêlap muni | swarane lir langit rêbah | kang kunjara wêsi bojod | gêlap mumbul ing awiyat | eram sagung tumingal | wong Dêmak sêdaya gêtun | dadya wau amicara ||
029.18 kang arupa nini nini | mring kunjara nyiram toya | lah iku baya bojone | wus kasub kajana priya | yèn Ki Agêng Sêsela | asêkti prawira punjul | tăndha bisa nyêkêl gêlap ||
029.19 Ki Agêng Sêsela mulih | sapraptanira ing Sela | wontên dhalang purwa mangke | pakaryanira bêbarang | mayang dhatêng ing Sela | ki dhalang rabine ayu | punjul lawan èstri kathah ||
029.20 singa mulat lênglêng brangti | marang rabine ki dhalang | saking ngluwihi ayune | singa kang mulat kasmaran | jalu èstri kang mulat | sêmana tumulya katur | dhumatêng Ki Agêng Sela ||
029.21 sêksana dipun timbali | dhatêng ki agêng ing Sela | nyata yèn ayu warnane | sêkala ki agêng brăngta | cipta kinarya garwa | ya ta wau enjingipun | pinêpak uwong ing Sela ||
029.22 ki dhalang kinèn matèni | dhumatêng Ki Agêng Sela | wong Sela ngêmbuli kabèh | dhalangira wus palastra | kang wasta Dhalang Bicak | sampune ki dhalang lampus | rabine nulya dèn alap ||
029.23 wus katur sêdayanèki | dhatêng Ki Agêng Sêsela | wayang utawi kêmpule [1: 152] | ki agêng sarêng atămpa | kêlangkung sukanira | rabine dhalang pinundhut | dhumatêng Ki Agêng Sela ||
029.24 kêlawan kêmpule singgih | lajêng pinaringan aran | Ki Bicak kinarya bêndhe | karya wasiyat ing Sela | ri sampunnya mangkana | Ki Agêng Sêsela wau | sawusnya pêjah ki dhalang ||
029.25 dilalah galihnya lali | rêmênira mring bok dhalang | saking prabawane bêndhe | sirna larut dènnya brăngta | kadya ta tinambanan | mangkana wau winuwus | ingkang bêndhe ingestrenan ||
029.26 mring Kangjêng Sinuwun Kali | pinêca dadi pratăndha | sapa kang kanggonan bêndhe | pinêsthi dadi narendra | bêndhe têtêngêr yuda | yèn tinabuh munya ngungkung | nèng tawang unggul kang yuda ||
94–95 dari 810