Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4–5 dari 46
17–18 dari 225
169–178 dari 2.243
04.019 sampun katur marang sri bupati | kang utusan ngulati dyah endah | angsal nanging maksih rare | èstri sigra pinundhut | tiningalan ing sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanodya kalangkung dèrèng birai | sang nata angandika ||
04.020 maring Nyai Wirarêja aris | lah gawanên rare wismanira | ulahên awake bae | benjing yèn mangsanipun | èstri iki sêdhêng birai | ing benjang lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mijil | marang kawirarêjan ||
04.021 tan kawarna ing alami-lami | kawarnaa kangjêng sri narendra | animbali ing putrane | undangên sutaningsun | ki dipati anom dèn aglis | kang kinèn sigra prapta | anulya kapangguh | lan Pangeran Adipatya | sigra prapta utusan anênimbali | gusti dika ngandikan ||
04.022 Jêng Pangeran Adipati gipih | wus akampuh anulya lumampah | miyos bêbutulan bae | tan dangu nulya cundhuk | lan kang rama rajèng Matawis | jêng pangeran tur sêmbah | sumungkêm ing suku | anèng lêbu talapakan | sawungune mundur sarwi awotsari | dènnya lênggah mangrêpa ||
04.023 jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêkung mangwula | yèn tinon kalairane [1: 27: kalair...ane] | sagunge kang andulu | wong jro pura angrês ningali | têkonipun pangeran | kalangkung jrihipun | tan layak kakunging putra | sri narendra kang putra tansah dèn liring | kadya mijiling waspa ||
5. Mijil
05.001 angandika sang nata amanis | adhuh putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | sêdhêngira amawia krami | pan ing karsa mami | kramaa nak ingsun ||
05.002 apan ingsun olèh tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putrining bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||
05.003 lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mentara ing wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata tumutur ||
05.004 ingkang putra sigra awotsari | sigra mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismaning dipati | pangeran wus têmu ||
05.005 Pangran Carêbon pan wus udani | yèn tampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon karsa nênontoni | ing putrinirèki | sang dipatya gupuh ||
17–18 dari 225