Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4–5 dari 46
18–19 dari 225
173–182 dari 2.243
04.023 jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêkung mangwula | yèn tinon kalairane [1: 27: kalair...ane] | sagunge kang andulu | wong jro pura angrês ningali | têkonipun pangeran | kalangkung jrihipun | tan layak kakunging putra | sri narendra kang putra tansah dèn liring | kadya mijiling waspa ||
5. Mijil
05.001 angandika sang nata amanis | adhuh putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | sêdhêngira amawia krami | pan ing karsa mami | kramaa nak ingsun ||
05.002 apan ingsun olèh tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putrining bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||
05.003 lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mentara ing wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata tumutur ||
05.004 ingkang putra sigra awotsari | sigra mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismaning dipati | pangeran wus têmu ||
05.005 Pangran Carêbon pan wus udani | yèn tampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon karsa nênontoni | ing putrinirèki | sang dipatya gupuh ||
05.006 sampun marêk sang raja pinutri | ayunira kaot | lakunira pan rada ginawe | sang dyah ayu tuhu yèn rêspati | wadane sawiji | sêmu wani kakung ||
05.007 jêng pangeran dipati ningali | manahira adoh | dene lanas sang putri tingale | datan ana tinaha ing galih | manggihi têtami | langkung dening purun [1: 28] ||
05.008 wus waspada dènira ningali | tan ana karaos | apan têbih pangeran galihe | tan adangu pangeran nulyamit | ya ta sang dipati | ngatêrakên sampun ||
05.009 tan kawarna laminya ing mangkin | panjanging cariyos | Wirarêja ika gadhuhane | wus alawas amêmpêng birai | inggih saya adi | warnanira mancur ||
18–19 dari 225