Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
162–163 dari 225
1.618–1.627 dari 2.243
40.022 yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok saksana | utamangganira kalih | Toyamas dèn obongi | wau ing kadhatonipun | pan samya binoyongan | dene Radèn Surapati | sampun budhal saking nagari [2: 70] Toyamas ||
40.023 datan kawarna ing marga | prapta ing Kartasurenjing | katur mring sri naradipa | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan tinigas jangganipun | sang nata langkung trustha | murda wus tinanjir kalih | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||
40.024 ing êmas lawan busana | langkung suka Surapati | dene angrasa katrima | karyanira mring narpati | wastra dinumkên sami | ingangge sarowangipun | wastra lawan kancana | langkung sihira narpati | dene kathah ganjaranira sang nata ||
40.025 manggèn ing Anrangkusuman | apan wus sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong ing siyang ratri | dening rahadèn patih | sinuba-suba kalangkung | sawusira mangkana | antaraning lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiah ||
40.026 yèn Ki Untung wus karuwan | suwita sarowangnèki | mring Sang Prabu Kartasura | malah wus silih wêwangi | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | apan sampun bicara | sagung nayaka Kumpêni | ngandikan mring ngarsaning gurnadur jendral ||
40.027 miwah idêlèr pamungkas | wus prapta ing ngarsanèki | wus dadi ingkang bicara | anari para prajurit | sapa sanggup nglurugi | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinunjung kang linggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya ||
40.028 dene ta sampun kantênan | Ki Untung prawirèng jurit | jendral kalangkung kèmêngan | Dlèr Mur pêtêng ingkang ati | ya ta wontên Kumpêni | satunggil wijil wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih [2: 71: linu...wih] | bapakira kang bêdhah nagri Makasar ||
40.029 Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl ing Untung samana | jendral suka ing tyasnèki | ngakak angêntrog wêntis | sarwi nyandhak astanipun | Kapitan Tak saksana | binêktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra kapitan kalih wêlas ||
40.030 umuk-umuk linarihan | marang sang jendral pribadi | tanapi radpêni bêsar | sadaya sami nglarihi | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | prasamya pêpilihan | myang wadya Makasar Bugis | sigra mangkat sampun binêktanan surat ||
40.031 saksana numpak ing palwa | mancal saking ing Batawi | tan winarna lampahira | ing lautan sampun prapti | Japara muarèki | baita sampun alabuh | mêntas Kapitan Êtak | sakumpêninya tan kari | langkung suka kumêndur kang nèng Japara ||
162–163 dari 225