Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
166–167 dari 225
1.660–1.669 dari 2.243
40.064 inggih taksih sring kêtingal | nanging si botên dêdasih | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta Ki Surapati | wontên rêkyana patih | nênggih pangawulanipun | kala tuwan utusan | jendral angaturi tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya ||
40.065 karsane sri naranata | kasrahna dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging rahadèn apatih | sangêt dènnya ngukuhi | apan sêdya barêng lampus | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing narpati | lah punika Kumpêni botên miyarsa ||
40.066 yèn Radèn Anrangkusuma | mangkya mêngsah sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ta ing dintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna enggal prapti | jêng pangeran têtulung dhatêng kang raka ||
40.067 kadi kalampahan bêdhah | kadhaton ing dintên wingi | sira Tak grêgut miyarsa | têpiyonira binanting | sarwi anaut rawis | Kapitan Tak sarwi muwus | hèh Radèn Sindurêja | antinên sadina benjing | Surapati wus karêgêm ngastaningwang ||
40.068 apan sampun sinagahan | sagunging wadya Kumpêni | marang Arya Sindurêja | datan kawarna ing ratri | wuwusên sri bupati | animbali punggawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr wus prapti | pan angirid sagunging para nayaka ||
40.069 sapraptanira ing pura | ing ngarsane sri bupati | dyan Surapati [2: 78] ngandikan | lan radyan rêkyana patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | wus prapta ing jro pura | ing ngabyantara narpati | tuwin sagung para dipati sadaya ||
40.070 sang nata alon ngandika | hèh yayi mas Adipati | Pugêr paran karsanira | kang rayi matur wotsari | sumăngga ing narpati | kawula dhèrèk sakayun | nênggih pun Surapatya | tan gumingsir siyang ratri | pêjahipun katura paduka nata ||
40.071 sang nata malih ngandika | iya mêngkono ta yayi | Si Adipati Madura | kalawan Si Surawèsthi | karo ngong srahi kardi | dèn samapta sesuk esuk | anggusah Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lan Si Arya Sindurêja ||
40.072 poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wêwêling narpati | Surapatya wau kang dinuk ing tingal ||
40.073 mangsah ing ngarsa narendra | pan sarwi tampi wêwêling | mangrêpa nêmbah suku sang | lèngsèr sing ngarsa narpati | miwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | rahadèn nulya mêdal | miwah sagunging dipati | Jêng Pangeran Pugêr mundur saking pura ||
166–167 dari 225