Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40–41 dari 46
167–168 dari 225
1.669–1.678 dari 2.243
40.073 mangsah ing ngarsa narendra | pan sarwi tampi wêwêling | mangrêpa nêmbah suku sang | lèngsèr sing ngarsa narpati | miwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | rahadèn nulya mêdal | miwah sagunging dipati | Jêng Pangeran Pugêr mundur saking pura ||
41. Durma
41.001 tan winarna ing dalu wuwusên enjang | miyos sri narapati | munggwing sitibêntar | andhèr kang balakuswa | wong priyantaka saragni | wus munggwing ngarsa | anjaga ngapit-apit ||
41.002 wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samêktèng wèsthi [2: 79] | jagabaya ngarsa | lawan wong nyangkragnyana | panyutra kalawan miji | wong anirbaya | nèng ngarsa sikêp bêdhil ||
41.003 patranala kalawan wong darmaita | maundara miranti | myang wong wirabajra | nala kanoman ika | kalawan patrayudèki | yudamanggala | ing ngarsa wong pinilih ||
41.004 kartayasa kalawan wong wisamarta | wong tanuastra sami | miwah wong jantaka | tan lali sikêpira | wong martalulut anangkil | singanagara | angubêng sri bupati ||
41.005 wong katagung gandhèk klawan mantri mudha | sangkêp ngarsa narpati | myang wong jagasura | tuwin wisa pracăndha | sasikêpira tan kari | kabayan ngarsa | gêdhong wuri narpati ||
41.006 pan sadaya sami samêktèng ayuda | sagung pratiwa jawi | anèng panangkilan | saha wadya siyaga | ing alun-alun abaris | ki arya ngucap | anggêpuk Surapati ||
41.007 wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | pan sampun tur upaksi | marang Sang Dipatya | Sampang lan Surapringga | yèn anggêpuk Surapati | wadya Madura | lan wadya Surawèsthi ||
41.008 apan baris ing pasar sang adipatya | kêkalih munggwing loji | pan lajêng samana | maksih jaro kewala | sagung wong măncanagari | baris ing Sêndhang | dene wadya pasisir ||
41.009 pan sadaya baris warung wayu aglar | liya bupati kalih | kang amangku karya | Madura Surapringga | gantya wau kang winarni | Kapitan Êtak | lan Radèn Sindurjèki ||
167–168 dari 225