Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
170–171 dari 225
1.694–1.703 dari 2.243
41.025 atur kêkintun sira gurnardur jendral | wus katur ing sang aji | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuta gusti | pun kaki jendral | mikut buron Kumpêni ||
41.026 ingkang wontên ing nagri dalêm punika | lilah [2: 82: li...lah] paduka gusti | sang nata ngandika | lah iya dèn pracaya | apan ta Si Surapati | băngga maringwang | ya băngga mring Kumpêni ||
41.027 sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrewangi | milua ing sira | mau ingkang sun duta | bêbujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan ing Surawèsthi ||
41.028 nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan ingwang | manawa ta kasoran | wong Sampang wong Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpuk puri ||
41.029 sarêng mirsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti sampun susah | yèn pun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang sasat ngêmasi ||
41.030 inggih gusti sampun munggwing astaningwang | Surapati abaik | nanti beta ajar | dhia punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêntrog wêntis ||
41.031 wus tumurun Êtak saking sitibêntar | nindhihi barisnèki | ya ta Sindurêja | sigra dènnya utusan | marang sang dipati kalih | ing Surabaya | lan Pangran Madurèki ||
41.032 amangsita yèn Kapitan Tak wus prapta | ngalun-alun abaris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | gepak mangetan aglis ||
41.033 nurut kali Pepe tinurut mangetan | dene bupati kalih | sarwi binêdhilan | prapta Bungas bang wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||
41.034 katêrajang barise măncanagara [2: 83: mă...ncanagara] | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Ki Konangpasir ||
170–171 dari 225