Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
171–172 dari 225
1.702–1.711 dari 2.243
41.033 nurut kali Pepe tinurut mangetan | dene bupati kalih | sarwi binêdhilan | prapta Bungas bang wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||
41.034 katêrajang barise măncanagara [2: 83: mă...ncanagara] | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Ki Konangpasir ||
41.035 Konangpasir angucap mring rowangira | akêsêl têmên mami | anggung bêburonan | alambang lêlumbungan | payo padha nganggo mimis | Tak kasap pisan | jinajal sigra bêdhil ||
41.036 rowangira Surapati siji kêna | kêna wêntise mati | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | amadal wêlinging gusti | wangsul saksana | ngilèn Ki Surapati ||
41.037 tinarajang wadya Sampang kapalajar | Surapati nututi | wontên kang kacandhak | têtiyang tinumbakan | wong Madura ingkang kanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||
41.038 angandika mring Dipati Surapringga | hèh kakang Surèngwèsthi | iki olèh tăndha | iya kaparêng uga | wong manira nandhang kanin | wus winangsitan | wau Ki Surapati ||
41.039 pan tinuntun kang mati wong ing Madura | myang wadya Surèngwèsthi | mangilèn plajêngnya | binujung sinurakan | ing wadyane Surapati | myang wadyanira | wau rahadèn patih ||
41.040 Radèn Anrangkusuma tansah nèng wuntat | amomong Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang kang lumampah | ing alun-alun wus prapti | gègèr saksana | kang baris păncaniti ||
41.041 ya ta Radèn Sindurja wau punika | ingkang momong Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | hèh tuwan paran karsèki | wadya Madura | punika wus kajodhi ||
41.042 miwah wadya Surabaya [2: 84: Sura...baya] wus kaplajar | kathah kang nandhang kanin | tan adangu prapta | wadyabala Madura | kang samya anandhang kanin | langkung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||
171–172 dari 225