Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
171–172 dari 225
1.710–1.719 dari 2.243
41.041 ya ta Radèn Sindurja wau punika | ingkang momong Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | hèh tuwan paran karsèki | wadya Madura | punika wus kajodhi ||
41.042 miwah wadya Surabaya [2: 84: Sura...baya] wus kaplajar | kathah kang nandhang kanin | tan adangu prapta | wadyabala Madura | kang samya anandhang kanin | langkung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||
41.043 Kapitan Tak mulat kalangkung bramantya | wadyane dèn abani | mukul tamburira | rolas pan sarêng munya | gumrambyang anggêgumyuri | wau kawarna | Rahadèn Surapati ||
41.044 kang bêbujung maring wadya Surabaya | ing alun-alun prapti | kang samya lumajar | lajêng mangilèn samya | ana kang umanjing puri | gêdhong pasowan | satunggal wus dèn basmi ||
41.045 Surapati pan sampun praptèng pagongan | tarab barise linggih | ya ta sri narendra | munggwing ing sitibêntar | ingadhêp dening para ri | katiga samya | munggwing ngarsa narpati ||
41.046 pan apacak baris kang wadya kaparak | rumêksa ing narpati | kanan kering aglar | ya ta wadya Sindurjan | lan wadyane pra dipati | ambêdhil samya | marang Ki Surapati ||
41.047 ingadêgan mring wadyane Surapatya | mawur lumayu ngisis | sira Tak bramantya | sigra ngabani bala | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawa gumrah | otêr wong sanagari ||
41.048 wus aparêk Kumpêni awas tumingal | mring wonge Surapati | sigra ingabanan | Kumpêni sarêng mangsah | lir gêlap sèwu barungi | tambur gumêrah | bangkilung surak Bugis ||
41.049 maksih dhêdhêp Surapati saha wadya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sêndawa | pêtêng lir ampak-ampak | ya ta Radèn Surapati | ngabani bala | sarêng umangsah jurit ||
41.050 wus anêmpuh Surapati ngamuk rampak [2: 85: rampa...k] | Kumpêni anadhahi | akuwêl kewala | kumrutug kang sênapan | pêtêng kukus anglimputi | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||
171–172 dari 225