Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41–42 dari 46
176–177 dari 225
1.757–1.766 dari 2.243
41.088 ingkang rayi pinatêdhan dhêdhaharan | jêram kalawan manggis | jambu lan sêmăngka | dhuku kalawan salak | katiga samya abukti | rahadyan patya | myang Surapati kingkin ||
42. Asmaradana
42.001 ngandika sri narapati | marang Radèn Surapatya | ya bangêt tarimaningong [2: 90: tarimaning...ong] | nanging sira angetana | nagarèng Pasuruan | sun ganjarake sirèku | ing kono sira lungguha ||
42.002 sira apacaka baris | anèng nagri Pasuruan | poma dèn prayitnèng gawe | sira sun paringi pangkat | bupati myang jênênga | Wiranagara Tumênggung | têlas timbalan narendra ||
42.003 anêmbah Ki Surapati | kalangkung panuhunira | ngandika malih sang katong | mring Radèn Anrangkusuma | iya sira milua | maring Pasuruan iku | kalawan Si Surapatya ||
42.004 tur sêmbah rêkyana patih | ing karsa datan lênggana | pan wus pinaring sangune | busana arta kancana | miwah Ki Surapatya | wus sinungan sangu sèwu | sang nata malih ngandika ||
42.005 payo mangkata tumuli | nèng dalan obong-obonga | anadene kang sun kongkon | ambêbujung marang sira | iya wong Surabaya | lawan wong Madura iku | miwah wong măncanagara ||
42.006 kêkalih sarêng wotsari | angaras pada narendra | katri Pangeran Pugêre | wus lèngsèr prapta ing jaba | panggih lan wadyanira | gênti wau kang winuwus | wong Sampang lan Surabaya ||
42.007 saking kilèn angêbyuki | ambêdhili sami surak | lir gunung jugruk swarane | myang wadya măncanagara | sadaya sarêng mangsah | Radèn Surapati wau | wus lorod sawadyanira ||
42.008 mangetan dipun bêdhili | samarga ngobongi wisma | pan ingêlud saparane | prange Surapati lan Tak | gajah lunga kawayang | nabi kawuwusa dalu | Kumpêni ingkang lumajar [2: 91] ||
42.009 kang samya kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | bangun raina inggate | karainan anèng marga | tumpês dening wong desa | ya ta wau sang aprabu | enjing miyos siniwaka ||
176–177 dari 225