Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 46
178–179 dari 225
1.773–1.782 dari 2.243
42.016 suyud nagri kanan kering | ing Bangil lan Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daham myang Sarêngat | ing Ngantang Winongan [2: 92: Winonga...n] suyud | seba marang Pasuruan ||
42.017 lèr wetaning ardi Wilis | ingobongan binahakan | apan wus dadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira ||
42.018 trustha tyasira narpati | ya ta ingkang kawuwusa | apan wus katur solahe | Kumêndur Sêlut Driyansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sakumpêninira ||
42.019 ayuda lan Surapati | nèng alun-alun dènnya prang | sêmana mênggak galihe | Kumêndur Sêlut Driyansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar sampun | maring nagri Batawiah ||
42.020 mangkana ingkang winarni | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang nagri ing Japara | saandikaning nata | kinèn prasamya angsung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||
42.021 miwah wadyaning narpati | akathah ingkang kabranan | myang mantri punggawa kabèh | kang duta praptèng Japara | katur kawitanira | maring ing Kumêndur Sêlut | Driyansah gya pinariksa ||
42.022 miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmênging nala | nanging tansah gebag-gèbèg | kang duta nulya tinulak | datan mawi wangsulan | samana ingkang cinatur | pan nagara ing Japara ||
42.023 wong Jawa lan wong Kumpêni | tan wontên saba-sinaba | butarêpan sadinane | wau duta ing Sindurjan | wus prapta Kartasura | katur marang sang aprabu | yèn Kumpêni sangêt mênggak ||
42.024 mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | myang kang rayi [2: 93] katigane | sapraptanira ing pura | wus munggwèng ngabyantara | sang nata ngandika arum | hèh yayi mas adipatya ||
42.025 paran karsanira yayi | dene si kumêndur êsak | iku yayi karsaningong | yèn ana kang dadi marga | bêcik yayi mas pisan | ilangna sêsukêr ingsun | Pangeran Pugêr tur sêmbah ||
178–179 dari 225