Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 46
179–180 dari 225
1.783–1.792 dari 2.243
42.026 yèn kenging amba ngaturi | sampun ngantosa punika | têmah ru-ara jagade | yèn cidraa ing wacana | lungsur ingkang darajad | yèn karsa paduka nuhun | asangêt atur kawula ||
42.027 nadyan ta punika kapir | tan kêna dèn cidranana | pan kapir rowang dununge | dene sampun kalampahan | têtulung ing paduka | de yèn wontên marginipun | sok sampun saking paduka ||
42.028 yèn wontêna margi malih | kadya kang sampun kalakyan | sakarsa paduka katong | dadya kang raka ngandika | yèn mangkono yayi mas | anaria punggawa gung | sapa kang sanggup ngêjuma ||
42.029 marang êsaking Kumpêni | pan agung ganjaran ingwang | payo pikirên dèn age | kang rayi tur sêmbah mêdal | miwah sagung dipatya | ing srimanganti wus rawuh | tan winarna solahira ||
42.030 sagung ingkang pra dipati | pasisir măncanagara | kang tinari sami mopo | wontên abdining narendra | lungguh mantri kaparak | Jiwaraga namanipun | punika kang nanggupana ||
42.031 katur ing jêng sri bupati | ingidèn gya lumaksana | amundhi sêrating katong | myang kêkintun warna-warna | datan kawarnèng marga | ing Japara sampun rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||
42.032 lajêng tumamèng jro loji [2: 94] | pêpikulan munggwèng ngarsa | nging kandhêg nèng jawi andhèr | kagyat Kumpêni umiyat | ya ta Ki Jiwaraga | pinapag marang Kumêndur | Sêlut Driyansah saksana ||
42.033 Ki Jiwaraga lingnya ris | tuwan manira dinuta | matêdhakakên sêrate | Jêng Gusti Sri Naranata | Prabu ing Kartasura | lawan punika kêkintun | inggih kuda sakêmbaran ||
42.034 lawan uwos pitung dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | kumêndur gupuh anthuke | pan sarwi ambuka surat | pan sampun tinupiksa | wusnya kadriya kang têmbung | Kumêndur Sêlut Driyansah ||
42.035 dêngèngèk wacana aris | hèh ta Kyai Jiwaraga | apuranira sang katong | dene anggêga pawarta | binandhung lalawora | kula botên angrêmpêlu | ciptaa sak mring sang nata ||
179–180 dari 225