Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 46
182–183 dari 225
1.816–1.825 dari 2.243
42.059 sampat mangkana winarni | sampun dhatêng ing antara | tumanggap gantya sasine | Radèn Arya Sindurêja | apan sampun sanega | miwah kang punggawa catur | sadaya sami sawega ||
42.060 asaos ing păncaniti | tan adangu ingandikan | lajêng tumamèng kadhaton | wus praptèng ngabyantarendra | bêkta punggawa lima | atampi pitungkas sampun | kalima sami tur sêmbah ||
42.061 sarêng dènira umijil | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgamane warna-warna | ing marga tan winarna | gancanging lampah wus rawuh | nênggih nagari Japara ||
42.062 Tumênggung Martapurèki | sampun caos pasanggrahan | munggwèng ing alun-alune | kumêndur sampun miyarsa | yèn dutèng nata prapta | dadya Kumpêni amêthuk | samana sampun apanggya ||
42.063 kalawan rahadèn patih | wusnya tundhuk têtabean | anulya lajêng lampahe | ing alun-alun wus prapta | wadya Kumpêni urmat | sanjata lir gunung rubuh | tambur gumuruh swaranya [2: 98] ||
42.064 lajêng umanjing jro loji | Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | Kumêndur Sêlut Japara | langkung anyuba-nyuba | Radèn Sindurêja muwus | manira tuwan dinuta ||
42.065 dening gusti sri bupati | prakawis pun Martapura | inggih kasraha pêjahe | nanging karsane sang nata | nadyan silih pêjaha | wontêna ngarsanirèku | ing benjing manira bêkta ||
42.066 yèn sampun prapta ing loji | pun Tumênggung Martapura | andika sêndhal dhuwunge | poma andika samêkta | manira gih wiweka | manawi niwasi kewuh | pun Martapura digdaya ||
42.067 marma sami ngati-ati | sagung prajurit manira | sira bêktaa maring jro | rumêksaa pakênira | kumêndur langkung suka | sru nuhun atur sêsuguh | pracayane sri narendra ||
42.068 angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pakênira | manira arsa amondhok | angantosakên kang wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ring pintu | wus praptèng têpas wangunan ||
182–183 dari 225