Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 46
184–185 dari 225
1.833–1.842 dari 2.243
42.076 ya ta kawuwusa enjing | punggawa samya sanega | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta ngamuk | dene wadya kathah-kathah ||
42.077 badhe munggwèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang samya tumut palastra ||
42.078 Ki Mangunonêng amilih | wong ing Pathi kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||
42.079 Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadya Japara nom-anom | kang samya dinulangmangap | badhe nglabuhi pêjah [2: 100: pê...jah] | Radèn Arya Sindurjèku | sampun angrasuk busana ||
42.080 dhuwung sakawan cinangking | kalima cundrik punika | kang minăngka cêcothène | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung têtiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe munggwèng adhakan ||
42.081 Tumênggung Suranatèki | sakawan curiganira | Ki Kêbyuk munggwèng cêcothèn | Ki Mangunonêng nyuriga | dhuwunge kang wasiyat | Tumênggung Binarong sampun | amangking dhuwung pusaka ||
42.082 Pangran Natakusuma ngling | hèh sanak-sanak manira | poma ywa kongsi têlangke | anêdha bubuh-bubuhan | pangagêng nijènana | kapitan myang litnanipun | aja kongsi adhi lurah ||
42.083 tumut tumandang ngawaki | iku wakiling narendra | dene kumêndure ingong | ingkang aduwe bubuhan | ywa liyan kang nyuduka | wus dadya pacanganipun | kêris ingsun si gupita ||
42.084 mèsêm rahadèn apatih | pangeran nuhun kawula | dene gêng sih pamarmane | nanging ta badan kawula | ênggih măngsa kantuna | lawan sampeyan angamuk | sarênga sabaya pêjah ||
42.085 ya ta kang para dipati | samya ngaturkên prasêtya | ajanji sarêng lêbure | wau sampun asiyaga | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wênèh tumbak cêcebolan ||
184–185 dari 225