Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 46
186–187 dari 225
1.858–1.867 dari 2.243
43.015 radèn patih angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakara Si Surapati | mangkya nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanagara | sri narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
43.016 ingkang badhe tinuduh ing kardi | kang minăngka senapatyèng yuda | Adipati [2: 104: Adipa...ti] Madurane | lawan ing Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wis dadya kang pirêmbag | pakênira ing benjang kintuna tulis | pasthine ing ubaya ||
43.017 kumêndur alon dènnya nauri | yèn makatên rahadèn kawula | arsa kengkenan samangke | tur uning mring gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bantu Walănda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruan | Radyan Arya Sindurja jumurung kapti | wus bubar masanggrahan ||
43.018 tan winarna solahirèng nguni | Radyan Arya Sindurêja lawan | catur punggawa lamine | nèng Japara nêm dalu | duk samana sampun apamit | bubar mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagunging kang pèni-pèni | kabêkta mring rahadyan ||
43.019 tan kawarna solahirèng margi | sira Radyan Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | praptèng Kartasuresuk | pan wus katur mring sri bupati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanirèng ngajêngan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur punggawa ||
43.020 katur sadaya marang narpati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | mring Rahadèn Sindurja | anak putunipun | Martapura biratana | ingsun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||
43.021 ya ta radèn patih awotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur sang aprabu | radyan patih [2: 105] tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang punggawa catur | nêngna ingkang kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangkya abăngga ||
43.022 duk bêdhahe nagari Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan mangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan măncanagari | mantuk marang Kajoran | mangkana winuwus | wau sira panêmbahan | amiyarsa saking nagari Matawis | duk prangirèng ngalaga ||
43.023 maksih umadêg anèng Matawis | ing Kajoran ginitik ing yuda | panêmbahan sakawone | ngungsi mring Wukirkidul | satêpine ing jalanidhi | dening kasrakatira | nèng guwa manêkung | sawusira lama-lama | panêmbahan ing mangkya umadêg baris | kêkuwu nèng Malabang ||
43.024 wong Gunungkidul samya ginait | wus sumuyud marang panêmbahan | sampun andadi barise | nèng Malabang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Kalasan | samya ngirub-irub | kanan kering ing Kalasan | pan sadaya ing Pogok dipun gêcêki | suyud sakèh wong desa ||
186–187 dari 225