Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 46
19–20 dari 225
188–197 dari 2.243
05.015 adhuh gusti kawula mung darmi | anggadhuh kemawon | pan puniku kagunganing rajèng | asalipun pawèstri puniki | saking Surawèsthi | Mangunjaya sunu ||
05.016 duk amapag èstri dèrèng akir | katur ring sang [1: 29] katong | tiningalan sri nata gêdhêne | ginadhuhkên marang kawulèki | ing mangke wus akir | sang dyah sampun usum ||
05.017 jêng pangeran amiyarsa warti | sang ayu anglamong | sigra bubar tan pamit kondure | wus anitih kuda cinamêthi | panandêr kapati | kang angiring kantun ||
05.018 sampun prapta ing dalêmirèki | lajêng mring paturon | pan kalangkung kasmaran galihe | sang dyah rara kaciptèng ing ati | tan kêna abukti | tansah nglayung-nglayung ||
05.019 êmban inya garjita ing ati | mulat ing sang anom | datan kêna adhahar asare | wus kaduga kang dadi prihatin | ni êmban agipih | dhatêng eyangipun ||
05.020 tan asuwe prapta nêmbah aglis | Surabaya kang wong | nikèn êmban anangis ature | êmban matur marang sang dipati | wayah dika nênggih | tansah lênglêng mangu ||
05.021 pan kasmaran wingi aningali | sang dyah ayu kaot | Wirarêjan pawèstri ênggone | sêngsêngkêranira[1] sri bupati | asaling pawèstri | ing Surabayèku ||
05.022 putranira Mangunjaya nênggih | pinundhut sang katong | pan puniku kang dados galihe | wayah paduka tan kêna guling | tan kêna abukti | mangke maksih mujung ||
05.023 jêng pangeran kagyat miyarsèki | aturing pamomong | pan kewuhan sajroning galihe | saking jrihe marang sri bupati | dyan sang ratu pêkik | manahe anglampus ||
05.024 dene kang wayah anandhang brangti | atêmahan nglamong | dêdimène ingsun [1: 30: ing...sun] lampahane | nadyan dukaa sri narapati | tumêka ing jangji | pan ingsun wus sêpuh ||
19–20 dari 225

 


sêsêngkêranira. (kembali)