Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 46
20–21 dari 225
199–208 dari 2.243
05.026 apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | apan sang nata sêsêngkêrane | mêngko padha labuh pati iki | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||
6. Kinanthi
06.001 sang dipati alon muwus | acawisa tandhu joli | kang kinèn sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang dipati lumaksana | kang para garwa angiring ||
06.002 para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah ngarsi | tan kawarna lampahira | kawirarêjan wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn ratu pêkik kang prapti ||
06.003 sampun matur gustinipun | Ki Wirarêja agipih | amapag ing paregolan | Ki Wirarêja tur bêkti | Ki Wirarêja têtanya | paduka pinarak ngriki ||
06.004 kula aturi tumanduk | ing wisma kawula gusti | wus malêbu sakalihan | miwah sêlir para nyai | sami lumêbêt sadaya | wus prapta sami alinggih ||
06.005 sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | prapta manira ing anak | arsa pitutur sirèki | nênggih putra pakênira | kae putu mas dipati ||
06.006 pan mangke agung awuyung | satêkanipun ing ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lan sirèki [1: 31] | gêgadhuhan pakênira | rara kênya ingkang adi ||
06.007 pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua ngawak mami | nadyan nêmahana pêjah | manira ingkang nglakoni ||
06.008 Ki Wirarêja amuwus | punika nênêdha kami | paduka adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula anuwun duka | ajrih dhatêng sri bupati ||
06.009 punika pan sampun katur | mila ginadhuh ing kami | kariyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birai | pan angantos kalamăngsa | benjang katur ing sang aji ||
20–21 dari 225