Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
23–24 dari 225
228–237 dari 2.243
06.029 lah ta nyawa putuningsun | aja sira walang-ati | yèn ana dukaning nata | manira ingkang nangguhi | tumêkaa lara pêjah | manira ingkang nglakoni ||
06.030 kang wayah matur anuwun | sarwi sira awotsari | Pangeran ing Surabaya | alah ta ingsun amulih | karia pêpangantenan | sigra bubar sang dipati ||
06.031 sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | rajaputra ing Mataram | nulya sinambut sang dèwi | binêkta marang paprêman | sang dyah ayu pongah-pangih ||
06.032 sang rajaputra angungrum | dhuh mas mirah ingsun gusti | kawula atur uninga | lami [1: 34: la...mi] kawula ningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar lan guling ||
06.033 sadina-dina gung wuyung | mung sira ingkang kaèsthi | mung ing mangke ngrasa gêsang | apanggih lan sira gusti | lir kadi katiban wulan | sêdhênge purnamasidhi ||
06.034 sang dyah ayu aris matur | mênawi botên sayêkti | sampun wantune wong priya | yèn darbe karsa ing èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sanggup asih ||
06.035 yèn katutugan ing kayun | aglis mungkur kadi gangsir | punika kawula mirsa | lumrah ujare mung lamis | wontên priya kangkahana | nging milih kakung kang yêkti ||
06.036 angandika rajasunu | adhuh arèningsun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | mungguh ingsun ta mas mirah | têka andêlên mas yayi ||
06.037 olèha timbil sagunung | kithinga tanganku kalih | tumulya angling sang rêtna | atur kawula ping kalih | yèn tulusa awak ingwang | sayêktine dika gusti ||
06.038 dhingin apan sampun katur | ing rama paduka aji | ing mangke kangjêng pangeran | akarsa dhatêng ing kami | mênawi duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||
23–24 dari 225