Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
24–25 dari 225
234–243 dari 2.243
06.035 yèn katutugan ing kayun | aglis mungkur kadi gangsir | punika kawula mirsa | lumrah ujare mung lamis | wontên priya kangkahana | nging milih kakung kang yêkti ||
06.036 angandika rajasunu | adhuh arèningsun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | mungguh ingsun ta mas mirah | têka andêlên mas yayi ||
06.037 olèha timbil sagunung | kithinga tanganku kalih | tumulya angling sang rêtna | atur kawula ping kalih | yèn tulusa awak ingwang | sayêktine dika gusti ||
06.038 dhingin apan sampun katur | ing rama paduka aji | ing mangke kangjêng pangeran | akarsa dhatêng ing kami | mênawi duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||
06.039 rajaputra nulya ngrangkul | tur sarwi ngaras panêpi | arum ingkang pangandika | adhuh ta mas mirah yayi | mênawa duka jêng rama | apan nora sun singgahi ||
06.040 nadyan tumêka ing lampus | wong kêkalih anglampahi | rajaputra angrêrêpa | sarta dhatêngakên kapti | angungkih padoning wastra | sang dyah tangkis sarya angling [1: 35: a...ngling] ||
06.041 dhuh pangeran lae sampun | andika arsa punapi | tangane agurayangan | sang kakung ngaras sarya ngling | adhuh mirah ingsun nêdha | kang dadi usada agring ||
06.042 yêkti ingsun mati wuyung | yèn sira tan anjampèni | yêktinipun pêjah ngarang | yèn sira tan tulus asih | kalangkung dènnya ngrarêpa | sang dyah ayu wus kagimir ||
06.043 kagunturan ing pangungrum | sang dyah sampun kapadhan sih | sang kakung nêkakkên karsa | tutug gènnya karon-rêsmi | sarêng wayah byar raina | sampun bêdhah kutha Mêsir ||
06.044 tan kawarna lamènipun | rajaputra langkung asih | kalihan sami katrêsnan | ri sampunira alami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||
24–25 dari 225