Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6–7 dari 46
25–26 dari 225
244–253 dari 2.243
06.045 kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | Pangeran ing Surabaya | punika kang anyagahi | sang nata kalangkung duka | dene sang anom wus panggih ||
7. Sinom
07.001 sri narendra ing Mataram | kalangkung dènnya aruntik | mring kang Paman Surapringga | kumêjot padoning lathi | narendra ing Matawis | saya kagugu karuhun | Pangeran Surabaya | ingkang ngaturi rumiyin | ingkang sata bêkisar dhatêng sang nata ||
07.002 sri narendra ing Mataram | dukanira andhatêngi | mring kang Paman Surabaya | malah sampun dèn pêjahi | sanak putu tan kari | cacahe wong patang puluh | kang sami tinêlasan | dening prabu ing Matawis | kang tumingal sadaya angêmu waspa ||
07.003 dene ta nora kayaa [1: 36: ka...yaa] | dosane nêmahi pati | Ki Ngabèi Wirarêja | dinukan dening narpati | sarayate tan kari | kinesahakên sang prabu | dinokok Pranaraga | lami-lami dèn pêjahi | Wirarêja dening prabu ing Mataram ||
07.004 ênêngêna kacarita | jênênging Prabu Matawis | owah lawan kuna-kuna | apan nora kadi mangkin | anggêlarakên mangkin | wêsi asate kêlangkung | kathah alap-alapan | para mantri lan bupati | atanapi wau kang para santana ||
07.005 samya angrês manahira | sagunge wadya Matawis | dalajad nagara rêngka | akathah ingkang winarni | grahana surya sasi | ing dalu lintang kumukus | obar-abir limunan | udan awu andhatêngi | pan akathah dalajad nagara rêngka ||
07.006 akathah prabawanira | guntur kang ardi Marapi | ladhu mili alorodan | udan awu akèh prapti | awu wêdhi karikil | singa dèn tarajang lêbur | rug pal dening pawaka | giris ingkang aningali | kang satêngah nyanane banjur kiyamat ||
07.007 ya ta wau kawarnaa | Pangran Dipati Matawis | kang amukti awibawa | kinudang dening rama ji | anggêntosi rama ji | para putra ing Matarum | nadyan silih akèha | tan kadi pangran dipati | trah kusuma ambêk adil paramarta ||
07.008 angapura ing wong dosa | amêmuruk ing wong sisip | budine amênyan kobar | Pangran Dipati Matawis | pan sagêd angecani | manah ingkang mudhapunggung | sakèhe wong Mataram | apan suka [1: 37] sadayèki | samya suyut sadaya sami katrêsnan ||
07.009 Pangran Dipati Mataram | lagya amangun wiyadi | sasedane ingkang eyang | kang dadi rudahing galih | Pangran Surabayèki | tan gêdhe ing dosanipun | kongsi tumêkèng pêjah | sanak putune tan kari | sinedanan alun-alun ing Mataram ||
25–26 dari 225