Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 46
26–27 dari 225
254–263 dari 2.243
07.010 lan malih para santana | para satriya bupati | tan ana eca kang manah | sajênênge sri bupati | nanging pangran dipati | kang tansah ingayun-ayun | prayoga jumênênga | narenda anèng Matawis | pra santana Mataram rêmbag sadaya ||
07.011 nanging Pangran Adipatya | langkung èwêd jroning galih | dene ta maksih kang rama | jumênêng anèng Matawis | paran ta gon angêndhih | marang rama sang aprabu | mendah ta loking jaman | nagri liyan angraosi | dene mêngsah anak kalawan sudarma ||
07.012 para dipati Mataram | apan tansah angulari | ingkang kinarya warana | lawan kang prawira sêkti | watara kang kuwawi | angrèh nagara Matarum | nanging ta dèrèng angsal | kang karaos dadi galih | miwitana iya anênêlukêna ||
07.013 pangran ngandika ing nala | tan ana prayoga malih | kajaba eyang Kajoran | ingsun karya aling-aling | dene prakosa sêkti | lawan sangêt tapanipun | eyang Pangran Kajoran | ingsun watara kuwawi | ambêdhaha iya nagara Mataram ||
07.014 dipati anom ngandika | apan kinèn animbali | lêlurahira têtiga | ingkang aran Kyai Sêndhi [1: 38: Sê...ndhi] | Pranataka sawiji | Andangkara sisihipun | wus prapta ing ngayunan | ngandika pangran dipati | alah sira dèn padha kaparèng ngarsa ||
07.015 dèn bisa sira sun duta | aturêna surat mami | marang eyang ing Kajoran | poma sira ingsun wêling | sira konên mariki | matura sun duwe rêmbug | mring eyang ing Kajoran | Pranataka matur bêkti | Andangkara sampun atămpa nawala ||
07.016 kalihnya atur pranata | lumèngsèr ngarsaning gusti | lampahnya agêgancangan | kalangkung dening adhêmit | tan kawarna ing margi | ing Kajoran sampun rawuh | sira Ki Pranataka | apan sampun kintun wêling | inggih dhatêng sira Panêmbahan Rama ||
07.017 kalamun wontên kang duta | Pangran Dipati Matawis | apan mawi bêkta sêrat | Pangran Kajoran agipih | têdhak dènnya alinggih | arsa manggihi têtamu | pan sampun tinimbalan | malêbêt kang duta kalih | pan ingawe kinèn marêka ing ngarsa ||
07.018 sampun alênggah satata | Andangkara matur bêkti | lampah kawula punika | dinuta ing kangjêng gusti | Pangeran ing Matawis | kinèn marêk sang aulun | angaturakên surat | Pangran Kajoran nanggapi | tan antara nawala nulya binuka ||
07.019 sinuksmèng sajroning nala | pèngêt bêbukaning tulis | ingkang sêrat Jêng Pangeran | Dipati Anom Matawis | kaatura pun kaki | Kajoran ingkang linuhung | sampun kadya punika | andika kula aturi | datan wontên madhangêna tyas kawula ||
26–27 dari 225