Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 46
27–28 dari 225
265–274 dari 2.243
07.021 datan kawarna ing marga | ing kadipatèn wus prapti | pra nata katur uninga | ing Pangeran Adipati | yèn kang eyang wus prapti | Pangran Kajoran puniku | aris dènnya ngandika | Dipati Anom Matawis | alah mara nuli sira timbalana ||
07.022 apan sampun tinimbalan | Pangran Kajoran wus prapti | sampun atata alênggah | lawan Pangran Adipati | pan wus panggih pribadi | kang abdi sami tindhung |[1] kantun Ki Andangkara | Kyai Sêndhi kang satunggil | katigane kang wasta Ki Pranataka ||
07.023 Pangran Dipati Mataram | dènnya angandika manis | mring kang eyang ing Kajoran | mila manira aturi | arsa agunêm pikir | lawan andika yèn rêmbug | nagari ing Mataram | lamine tan kadi mangkin | sami risak manahe wong ing Mataram ||
07.024 tan ana eca kang manah | para santana bupati | dene bupati Mataram | beda lan kang dhingin-dhingin | mila dika ngong tari | lawan dika yèn arêmbug | karsane wong Mataram | santana para bupati | pan manira jinunjung dados narendra ||
07.025 anggêntènana ing rama | jumênênga ing Matawis | nanging manira kèmêngan | dene ta punika taksih | jênênge rama aji | mendah ta pocapanipun | lamun kongsi [1: 40: kong...si] manira | amungsuha ing rama ji | ing Mataram kapriye polah manira ||
07.026 dene ta bapa lan anak | paduka rêbutan puri | punika merang kawula | mila pun kaki ngong tari | sun karya aling-aling | ing yuda yèn dika rêmbug | angrêbuta Mataram | manira ingkang beyani | kang gêgaman miwah kang rajabarana ||
07.027 kang karsa dhatêng sandika | sampun dika walang-galih | pangraose manah ingwang | yèn dika siyos ambalik | para mantri Matawis | kadi ta balik sadarum | kantuna botên kathah | kawula kang amangsiti | yêktinipun kenginga sun karya gêlar ||
07.028 Pangran Kajoran ngandika | lamun kenging kangjêng gusti | dipun samêne ing driya | inggih nagari Matawis | kagungan sang apêkik | lamun seda sang aprabu | pasthi yogya gumantya | liyan pangeran dipati | dipun sabar ing karsa măngsa sandeya ||
07.029 sampun ta anggege măngsa | pangran dipati mangkya ngling | lah ta kadipundi eyang | dhatêng andika turuti | sun karya aling-aling | anjunjunga lungguh ingsun | Pangeran ing Kajoran | langkung èmêng ingkang galih | de pangeran asangêt panggubêlira ||
07.030 ya ta Pangeran Kajoran | emut sajroning panggalih | adarbe mantu prawira | anênggih ingkang wêwangi | Trunajaya prajurit | apan ta ingkang sêsunu | sira Dêmang Mêlaya | nênggih kang pêjah rumiyin | aprang lawan Pangeraning Danupaya ||
27–28 dari 225

 


Kurang satu suku kata: kang abdi sami tinundhung. (kembali)