Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 46
28 dari 225
271–280 dari 2.243
07.027 kang karsa dhatêng sandika | sampun dika walang-galih | pangraose manah ingwang | yèn dika siyos ambalik | para mantri Matawis | kadi ta balik sadarum | kantuna botên kathah | kawula kang amangsiti | yêktinipun kenginga sun karya gêlar ||
07.028 Pangran Kajoran ngandika | lamun kenging kangjêng gusti | dipun samêne ing driya | inggih nagari Matawis | kagungan sang apêkik | lamun seda sang aprabu | pasthi yogya gumantya | liyan pangeran dipati | dipun sabar ing karsa măngsa sandeya ||
07.029 sampun ta anggege măngsa | pangran dipati mangkya ngling | lah ta kadipundi eyang | dhatêng andika turuti | sun karya aling-aling | anjunjunga lungguh ingsun | Pangeran ing Kajoran | langkung èmêng ingkang galih | de pangeran asangêt panggubêlira ||
07.030 ya ta Pangeran Kajoran | emut sajroning panggalih | adarbe mantu prawira | anênggih ingkang wêwangi | Trunajaya prajurit | apan ta ingkang sêsunu | sira Dêmang Mêlaya | nênggih kang pêjah rumiyin | aprang lawan Pangeraning Danupaya ||
07.031 sasedane ingkang rama | Trunajaya mamaksih [1: 41: ma...maksih] alit |[1] anuli wau kang paman | ing Madura kang gêntèni | pan jumênêng Dipati | Cakraningrat kasihipun | nanging tiyang Madura | tan ana eca kang galih | kang ingarsa-arsa amung Trunajaya ||
07.032 apan angèngèr kang paman | Trunajaya maksih alit | lama-lama wus diwasa | winastanan angramuhi | ing putrane Dipati | Cakraningrat ingkang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | nanging tiyang Madura kathah kang wêlas ||
07.033 mila atêmahan gêsang | angungsi pangran dipati | wong kadipatèn sadaya | kang agêng dipun sorogi | mring Cakraningrat nênggih | ya ta pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambêlayang sarira kalunta-lunta ||
07.034 ya ta ing alama-lama | pinêndhêt mantu anênggih | Jêng Pangeran ing Kajoran | sakalangkung dènira sih | wantune wong atapi | Pangran Kajoran wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | binatang dadi prajurit | ingkang yogya ngobahakên paksi nila ||
8. Dhandhanggula
08.001 Pangran Kajoran ngandika aris | yèn makatên gusti ingkang karsa | kawula pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Mêlaya kang lampus | lan Pangeran Danupaya | pan punika gusti kalangkung prayogi | kinaryaa warana ||
08.002 angadêga nèng Madura benjing | dene gusti wirayat kawula | mèh tumêkèng ing jangjine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun karsaning Widhi [1: 42: Wi...dhi] | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | inggih nagri ing Mataram | datan gingsir wus pinasthi ing Suksma di | yèn rusak kang nagara ||
28 dari 225

 


Lebih satu suku kata: Trunajaya maksih alit. (kembali)