Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 46
28–29 dari 225
276–285 dari 2.243
07.032 apan angèngèr kang paman | Trunajaya maksih alit | lama-lama wus diwasa | winastanan angramuhi | ing putrane Dipati | Cakraningrat ingkang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | nanging tiyang Madura kathah kang wêlas ||
07.033 mila atêmahan gêsang | angungsi pangran dipati | wong kadipatèn sadaya | kang agêng dipun sorogi | mring Cakraningrat nênggih | ya ta pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambêlayang sarira kalunta-lunta ||
07.034 ya ta ing alama-lama | pinêndhêt mantu anênggih | Jêng Pangeran ing Kajoran | sakalangkung dènira sih | wantune wong atapi | Pangran Kajoran wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | binatang dadi prajurit | ingkang yogya ngobahakên paksi nila ||
8. Dhandhanggula
08.001 Pangran Kajoran ngandika aris | yèn makatên gusti ingkang karsa | kawula pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Mêlaya kang lampus | lan Pangeran Danupaya | pan punika gusti kalangkung prayogi | kinaryaa warana ||
08.002 angadêga nèng Madura benjing | dene gusti wirayat kawula | mèh tumêkèng ing jangjine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun karsaning Widhi [1: 42: Wi...dhi] | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | inggih nagri ing Mataram | datan gingsir wus pinasthi ing Suksma di | yèn rusak kang nagara ||
08.003 nanging kantun ingkang amiwiti | benjang lamun gusti ana ika | benjang gusti ing gawene | wikaning sangkanipun | wus pinasthi karsaning Widhi | angrusak ing Mataram | têka jangjinipun | nanging gusti ta kawula | kapiawon dhumatêng ing rama aji | amiwitana karya ||
08.004 mila kawula akarya wakil | Trunajaya pan wus angawula | pangran dipati dêlinge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | tinimbalan sampun | ri saksana Trunajaya | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp ing manah ||
08.005 Pangran Kajoran ngandika aris | milanipun sira tinimbalan | ing gustimu naking anggèr | tinari sira ewuh | lamun sira kaki abangkit | kinaryaa warana | tumêka ing lampus | sira pan kinon amayang | angawaki iku kinaryaa ringgit | lah iya dèn prayitna ||
08.006 pangran dipati ngandika aris | iya Trunajaya angringgita | dèn abisa lêlakone | aja krubuhan panggung | dèn awêrit gènira ngringgit | aja narajang pada | nyabêt marang ingsun | upama sira yèn bisa | sira jaba ingsun kang anèng jro puri | parentah wong Mataram ||
08.007 Pangran Kajoran ngandika malih | ing awayang aja anarajang | karana iku ringgite | aja krubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati [1: 43: pa...ti] | Trunajaya wus duga | ing sêmune iku | yèn kinarya lêlampahan | pan sandika kawula datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||
28–29 dari 225