Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 46
29 dari 225
281–290 dari 2.243
08.003 nanging kantun ingkang amiwiti | benjang lamun gusti ana ika | benjang gusti ing gawene | wikaning sangkanipun | wus pinasthi karsaning Widhi | angrusak ing Mataram | têka jangjinipun | nanging gusti ta kawula | kapiawon dhumatêng ing rama aji | amiwitana karya ||
08.004 mila kawula akarya wakil | Trunajaya pan wus angawula | pangran dipati dêlinge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | tinimbalan sampun | ri saksana Trunajaya | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp ing manah ||
08.005 Pangran Kajoran ngandika aris | milanipun sira tinimbalan | ing gustimu naking anggèr | tinari sira ewuh | lamun sira kaki abangkit | kinaryaa warana | tumêka ing lampus | sira pan kinon amayang | angawaki iku kinaryaa ringgit | lah iya dèn prayitna ||
08.006 pangran dipati ngandika aris | iya Trunajaya angringgita | dèn abisa lêlakone | aja krubuhan panggung | dèn awêrit gènira ngringgit | aja narajang pada | nyabêt marang ingsun | upama sira yèn bisa | sira jaba ingsun kang anèng jro puri | parentah wong Mataram ||
08.007 Pangran Kajoran ngandika malih | ing awayang aja anarajang | karana iku ringgite | aja krubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati [1: 43: pa...ti] | Trunajaya wus duga | ing sêmune iku | yèn kinarya lêlampahan | pan sandika kawula datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||
08.008 anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura dèn kadi kisma | ingkang abdi upamine | tan garantês sarambut | suka lila tumêkèng pati | Pangeran Adipatya | asuka tyasipun | dene wau amiyarsa | ing sanggupe Trunajaya tan gumingsir | Mataram mungsuhira ||
08.009 hèh ta Ki Trunajaya sirèki | ing nagara Sampang iku iya | sun têdhakkên ing dhèwèke | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya sira dèn bêcik | ingsun karya warana | dèn sêmu ing laku | lah uwis sira muliha | marang Sampang sira irupa pribadi | sakathahe wong Sampang ||
08.010 alah sira bêbêga puniki | lamun ana seba mring Mataram | wong Madura sakathahe | dimèn dipatinipun | nèng Mataram seba pribadi | dene parabotira | kang beyani ingsun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna pasisir măncanagari | sira amiwitana ||
08.011 Trunajaya nêmbah nuwun pamit | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalawan putranipun | Trunajaya ingkang wêwangi | arsa mulih mring Sampang | samana wus rêmbug | lawan Panêmbahan Rama | ingkang putra kinèn ngadêga rumiyin | anèng ing Surabaya ||
08.012 dene benjang yèn kuwur Matawis | ingsun anusul marang ing sira | ing mangke iku ungsume | ing Mataram [1: 44: Ma...taram] wus sêpuh | wus pinasthi dening Hyang Widhi | sirnane ing Mataram | ing wirayat ingsun | milane sira ngong duta | miwitana pasthi bêdhahing Matawis | dening wadya Madura ||
29 dari 225