Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 46
30–31 dari 225
297–306 dari 2.243
08.019 apan maksih anèng ing Matawis | sira Ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarine | ya ta ingkang winuwus | sira kangjêng rajèng Matawis | pan lagya siniwaka | wau kang sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya lan para mantri | andhèr ing pagêlaran ||
08.020 kang munggèng ngarsanira sang aji | Pangran Dipati Anom Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | ingkang munggèng ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purbaya samya anangkil | lan Pangran Pringgalaya ||
08.021 lawan Radèn Tumênggung Matawis | lawan sira Pangeran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmêja nèng pungkur | Radyan Wirasantana nangkil | lawan Panji Karsula | Wirakêrti ngayun | Tumênggung Mangunnagara | pan pêpakan para bupati Matawis | andhèr nèng pagêlaran ||
08.022 wadanane [1: 46] wong măncanagari | Darmayuda wau nèng pasowan | apan ta wau kancane | anèng waringin kurung | lawan kancanira bupati | Ngabèi Pajarakan | lawan jajaripun | Naladita ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Prabalingga ||
08.023 ing Gêmbong Ngabèi Wăngsagati | mantri măncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | kadêngangan sang prabu | angandika natèng Matawis | sapa apepe ika | nèng waringin kurung | matur Pangran Purubaya | inggih abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||
08.024 lan kancanipun măncanagari | sami pepe ing waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | maring gandhèk pangayun | timbalana ing ngarsa mami | têtiyang gandhèk gêpah | lampahnya lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mamêndhapan ||
08.025 prapta ngajêngan sri narapati | mukanira konjêm ing pratala | kang sowan sumuyut kabèh | ngandika sang aprabu | apa sira pèpèkkên niki | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | angaturkên pêjah gêsang | saking tiwas kawula têngga nagari | ing tampingan bang wetan ||
08.026 wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawise tiyang kalih nambang | pun Galèngsong pangajênge | langkung dènira rusuh | angrêrayah ing têpis wiring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi paduka puyêngan | kang abăngga sadaya dipun pêjahi [1: 47] | ingkang nutut rinayah ||
08.027 risak abdi dalêm têpis wiring | inggih tiyang Makasar punika | wontên Dêmung gêgêdhene | kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa nêrpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhe wong măncanagara aglis | padha sira muliha ||
08.028 alah sira papaga tumuli | mungsuh Makasar kang lagya prapta | wong wetan kêrigên kabèh | angluruga ing Dêmung | iya ingsun wèhi têtindhih | Si Karsula mênyanga | nindhihana laku | prange wong măncanagara | anggawaa mantri panumping lan bumi | sèwu lan numbakanyar ||
30–31 dari 225