Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8–9 dari 46
31–32 dari 225
309–318 dari 2.243
08.031 lawan lêlurahe wong pasisir | Mangunnagara sira gawakna | marang Japara sakèhe | dêdimène atugur | ing Japara dèn ngati-ati | ya ta sri naranata | samana wus kondur | lumêbu ing dalêm pura | kang asowan luwaran [1: 48: luwara...n] ing păncaniti | mantuk marang ing wuntat ||
9. Pangkur
09.001 orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji gènira mêpêk baris | wong măncanagara kumpul | gêgamannya malatar | wong ing măncanagara wadananipun | Darmayuda Pasuruan | wau kang dadi têtindhih ||
09.002 para bupati bang wetan | sadayane sami wisma Matawis | anèng ing Taji akumpul | lawan sabalanira | ambêranang awarna-warna dinulu | Adipati Pasuruan | kalawan Dipati Bangil ||
09.003 gêgaman sampun malatar | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | kadi ombaking samodra yèn dinulu | gêgaman awarna-warna | kadi kang prawata sari ||
09.004 gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angungkung | angrok swaraning bala | kadya gêrah kriciking watang atarung | asrang gadêbêging bala | kadi udan sinêmèni ||
09.005 ya ta wau kawarnaa | pan Ki Panji Karsula kang nindhihi | tiyang Japara pan kumpul | iku santananira | kiya panji saking Japan asalipun | mila nagari ing Japan | sinungakên ing sang aji ||
09.006 lan dadi wadananira | wong panumping ingkang sapalih iki | ya ta asiyaga sampun | sadandanan ngayuda | ya ta kapal agêm kinakapan sampun | kang bala umyang sauran | gumuruh kang saos sami ||
09.007 lagya apamit kang garwa | para putra kabèh [1: 49: ka...bèh] sami anangis | apan samya kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||
09.008 lah uwis padha karia | dipun pênêd iya sapungkur mami | kaya ingsun nora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | ingsun titip putranira | dene iku maksih alit ||
09.009 kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni | pangandika kang kadyèku | dene sêdya kawula | muga dika tulusa angawu-awu | ingsun tan sêdya ngawula | liyane saking kiyai ||
31–32 dari 225