Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 46
33–34 dari 225
323–332 dari 2.243
09.014 ing mangke rêmbag kawula | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Magêtan Kaduwang lawan Madiun | ing Waru lan Garobogan | dadia pangawat kering ||
09.015 dene kakang Darmayuda | anèng kanan iya dadi têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarnènipun | sarênga lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
09.016 kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri lawan wong Pranagari | wong Wirasaba puniku | kalawan Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sosogên têka ing wuri ||
09.017 manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi amung wong ing Matawis | sadaya sami arêmbug | ingkang para dipatya | enjing bubar kang bala umyang gumuruh | asrang lan kriciking watang | kadi udan sinêmèni ||
09.018 untabe ingkang gêgaman | yèn sinawang kadya prawata sari | swarane bala anguwuh | ing rowang kadya gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadi wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris ||
09.019 datan kawarna ing marga | nagri Japan samana sampun prapti | atata-tata akumpul | sami prayitnèng baya | wus satata sigra laju marang Dêmung | nulya ngantêp ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||
09.020 ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midhangêt warti | yèn wong Mataram [1: 51: Matara...m] kang rawuh | kêrigan wong bang wetan | pan sumêdya amêrangi wong ing Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur ing jurit ||
10. Durma
10.001 wong Makasar wus samya bêbiting sira | balowartinya inggil | wus prayitnèng baya | watara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung arakit ||
10.002 Raja Glèngsong ngandika maring santana | aran Dhaèng Makincing | lah ta wong Mataram | iya wartane prapta | anglurugi ingsun iki | apan sun sêdya | anggêcaka mring mami ||
10.003 ya ta Dhaèng Makincing ing aturira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mataram | lawan măncanagara | sumêdya gêcak mariki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||
33–34 dari 225