Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 46
33–34 dari 225
329–338 dari 2.243
09.020 ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midhangêt warti | yèn wong Mataram [1: 51: Matara...m] kang rawuh | kêrigan wong bang wetan | pan sumêdya amêrangi wong ing Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur ing jurit ||
10. Durma
10.001 wong Makasar wus samya bêbiting sira | balowartinya inggil | wus prayitnèng baya | watara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung arakit ||
10.002 Raja Glèngsong ngandika maring santana | aran Dhaèng Makincing | lah ta wong Mataram | iya wartane prapta | anglurugi ingsun iki | apan sun sêdya | anggêcaka mring mami ||
10.003 ya ta Dhaèng Makincing ing aturira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mataram | lawan măncanagara | sumêdya gêcak mariki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||
10.004 Raja Glèngsong alon dènira ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mataram | amapaga maringwang | yèn muliha awak mami | marang Makasar | kalangkung dening isin ||
10.005 angur ingsun matia ana ing Jawa | oraa sae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Matawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||
10.006 lah sakèhe wong ingsun saking Makasar | padha sun ajak mati | atanggung ing lampah | payo angur lajua | parandene sira mulih | tan angsal karya | angur matia ngriki ||
10.007 wong Mataram yèn prapta angantêp yuda | lah papagên tumuli | yèn kakehan lawan | angur sira mundura | sira ngamuka ing wêngi | dimène [1: 52: dimè...ne] uga | kuwur tangkêping jurit ||
10.008 sampun rêmbag sakèhing para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | sampun sami malatar | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | gêlare ing ajurit ||
10.009 magut kilèn wadyabala ing Mataram | kang mêdal saking kering | sira Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||
33–34 dari 225