Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 46
32–33 dari 225
316–325 dari 2.243
09.007 lagya apamit kang garwa | para putra kabèh [1: 49: ka...bèh] sami anangis | apan samya kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||
09.008 lah uwis padha karia | dipun pênêd iya sapungkur mami | kaya ingsun nora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | ingsun titip putranira | dene iku maksih alit ||
09.009 kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni | pangandika kang kadyèku | dene sêdya kawula | muga dika tulusa angawu-awu | ingsun tan sêdya ngawula | liyane saking kiyai ||
09.010 Panji Karsula ngandika | apan uwis ingsun karasa ngati | mungsuh iki ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinitayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong măncanagari ||
09.011 yèn tan angêntasi karya | yêktinipun ingsun tan sae mulih | tan kawarna solahipun | samana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||
09.012 tiyang sèwu maos-anyar | wong bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadya prawata sêkar | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuk gêgaman Mataram | kalawan măncanagari ||
09.013 pêpak kang para niyaka | sakathahe prasamya rêbut pikir | Panji Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên padudon punika laku | lah [1: 50] nêdha pinatah-patah | pangawat kanan lan kering ||
09.014 ing mangke rêmbag kawula | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Magêtan Kaduwang lawan Madiun | ing Waru lan Garobogan | dadia pangawat kering ||
09.015 dene kakang Darmayuda | anèng kanan iya dadi têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarnènipun | sarênga lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
09.016 kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri lawan wong Pranagari | wong Wirasaba puniku | kalawan Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sosogên têka ing wuri ||
32–33 dari 225