Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 46
4–5 dari 225
32–41 dari 2.243
01.032 apadene wong Mataram tan tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami atrêsna | marang ing gustinira | wontên dene pundi pati | sarêng narajang | sadaya supe gusti ||
01.033 wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pundi pati ngêmasi | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah ta wusa akil ||
01.034 angandika sang nata mring wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira kang kiwa | pasah ludira umijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
01.035 layonira kang rayi wus kinèn mêtak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kocaping carita | sang nata adarbe siri | gèthèk baunya | wêwasi kang rumiyin ||
01.036 duk Pangeran [1: 6: Pang...eran] Sêlarong mring Balambangan | kang matèni wêwasi | adarbe sêmaya | arsa amalês pêjah | yèn ana ratu Matawis | gèthèk baunya | wêwasi kang rumiyin ||
01.037 ênêngêna Mataram wau kocapa | kang kinèn anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapês[1] watêsnya | Pasuruan abaris ||
01.038 sakathahing pra mantri pêpak sadaya | sagung măncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi pagunungan | Asmaradana panumping | Ki Danupaya | samya mantri panumping ||
01.039 linggihipun anunggil lawan santana | kang kinèn angêmbani | ing pangeran arya | kinèn mèlu ngluruga | pan sampun atata baris | dyan kawarnaa | wong Balambangan nênggih ||
01.040 kuthanira pan sampun obah sadaya | wong Bali ambantoni | prapta Balambangan | saha sikêp payudan | wus mêdal saking nagari | ayun-ayunan | lawan bala Matawis ||
01.041 Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | wus prapta ing têpis wiring | enjang kawarna | bêndhenira tinitir ||
4–5 dari 225

 


tapêl. (kembali)