Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 46
9 dari 225
81–90 dari 2.243
01.081 dandanane pan sampun rêmuk sadaya | palwa tan kêna osik | pan katut ing ombak | kinêpung palwa kathah | Arungan [1: 12: A...rungan] dipun bêdhili | kêna ing sela | pocot êndhas gumuling ||
01.082 sarêng pêjah Arungan êndhas tinigas | palwane dèn unggahi | wong Bali kèh pêjah | dèn amuk ing wong Jawa | wênèh kèrêm ing jaladri | ingkang agêsang | kawus tan ana wani ||
01.083 ênêngêna wong Bali ingkang kocapa | ingkang sami abaris | nèng pinggir samodra | Tumênggung Wiraguna | kang arsa gawe wot wêsi | lami nèng kana | kaparak ing gêgêring ||
01.084 Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | sangêt dènira sakit | pra mantri sadaya | samya arêrêmbugan | karsanira bubar mulih | sampun mupakat | nulya bêdhol kang baris ||
01.085 sigra bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèh bêboyongan | kinèn andhinginêna | gêgaman lumakwèng wuri | Ki Wiraguna | samana amêmêling ||
01.086 lamun ingsun têka ing dina wêkasan | dhatêng gon ingsun mati | aja sira bêkta | mulih marang Mataram | êndi ênggon ingsun mati | sira pêndhêma | apan tan pilih bumi ||
01.087 ingsun têdha ing Hyang lawan Rasulollah | ja mulih mring Matawis | pangraos tiningwang | nadyan ingsun uripa | susunan ingsun Matawis | măngsa arsaa | ngawulakkên ing mami ||
01.088 lan sakèhe anak putuningsun benjang | yèn ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakêna | mring Sri Bupati Matawis | karana apa | padha kasmaran pati ||
2. Asmaradana
02.001 sadaya sami anangis | miyarsa wêwêkasira [1: 13: wêwêkas...ira] | lara-lara sêsambate | Ki Tumênggung Wiraguna | saya sangêt kang gêrah | manahe anglayung-layung | sêdyane age matia ||
02.002 nahan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | samana wus mundhut loloh | wusing nguntal lolohira | ing sampune karasa | nulya seda kya tumênggung | tinangisan pra santana ||
9 dari 225