Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 46
35–36 dari 225
345–354 dari 2.243
10.016 dene mungsuhira wus musna malajar | wong Makasar wus gusis | samya ngungsi wana | umpêtan nyananira | wus kawus tan angudhili | anggăndra pira | mungsuhira akêdhik ||
10.017 bitingira nulya sami binêdhahan | pan arsa dèn jarahi | kang samya tinilar | darbèke wong Makasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||
10.018 alah mêngko aja na wong angrêrayah | dene kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | yèn besuk siyang | jêr sing duwe wus gusis ||
10.019 sampun mundur wadyabala ing Mataram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | awor akapang | wadyabala Matawis ||
10.020 sawarnine manahira sami eca | nora duwe kuwatir | dene mungsuhira | sirna sami lumaywa | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||
10.021 tinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang jaran | asuka-suka ing wêngi | ing pamondhokan | tan nganggo dèn ropohi ||
10.022 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | pan sêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit [1: 54] ||
10.023 wong Makasar taha lamun lumayua | apan sêdya abali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||
10.024 apan sami apradandan anèng wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhêng maraa | amukên wong ing Matawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
10.025 yèn anêmpuh poma ta dèn babarpisan | aja sira anggopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||
35–36 dari 225