Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 46
36–37 dari 225
356–365 dari 2.243
10.027 tan akathah wong Makasar kang lumampah | watara kawan dèsi | apan ta sadaya | sami papênêdira | Galèngsong ingkang nindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||
10.028 wong Mataram sami eca ingkang manah | nora nana kuwatir | wikan ingkang mojar | iki swaraning apa | wong batur pating barêkik | lah oborana | swarane anauri ||
10.029 ingkang turu mara maring pamondhokan | ya ta nora agênti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sarta angrunjang | pondhok dipun obongi ||
10.030 apuyêngan gègère wong ing Mataram [1: 55: Ma...taram] | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | pêpati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||
10.031 tinumbakan dening uwong ing Makasar | nora na angudhili | kang sami sudira | dene tan olèh papan | katunjang miwah kapipit | mila kèh pêjah | wadyabala Matawis ||
10.032 gègèr gumrah pondhokira ingobongan | katunjang dening api | katunjang kèh pêjah | datan kobêr amapag | kêna gêgaman pribadi | wênèh lumajar | samya arêbut urip ||
10.033 wong Makasar pangamuke kadi yaksa | lir banthèng tawan kanin | pan kadi sardula | galak amăngsa sarpa | singa katrajang awingwrin | kathah kang pêjah | wadya măncanagari ||
10.034 pan lumayu samya atilar gêgaman | darbèke tan tinolih | kang lumayu yuda | ingkang mêntas anendra | amung ta arêbut urip | bingung puyêngan | mawut padha sawêngi ||
10.035 pra dipati antara samya lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gêrahing kasapta | tan wruh ing kawula gusti | wus byar raina | larut bala Matawis ||
10.036 sirna gêmpang wau saking pamondhokan | darbèke ingkang kari | pan samya rinayah | dening wadya Makasar | Panji Karsula agiris | pan kuthetheran | tinilar ing wadya lit ||
36–37 dari 225