Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 46
35–36 dari 225
350–359 dari 2.243
10.021 tinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang jaran | asuka-suka ing wêngi | ing pamondhokan | tan nganggo dèn ropohi ||
10.022 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | pan sêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit [1: 54] ||
10.023 wong Makasar taha lamun lumayua | apan sêdya abali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||
10.024 apan sami apradandan anèng wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhêng maraa | amukên wong ing Matawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
10.025 yèn anêmpuh poma ta dèn babarpisan | aja sira anggopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||
10.026 lah tunjangên ingkang pêrak tumbakana | sampun arêmbag sami | anulya umangsah | lan sagêgamanira | samya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||
10.027 tan akathah wong Makasar kang lumampah | watara kawan dèsi | apan ta sadaya | sami papênêdira | Galèngsong ingkang nindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||
10.028 wong Mataram sami eca ingkang manah | nora nana kuwatir | wikan ingkang mojar | iki swaraning apa | wong batur pating barêkik | lah oborana | swarane anauri ||
10.029 ingkang turu mara maring pamondhokan | ya ta nora agênti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sarta angrunjang | pondhok dipun obongi ||
10.030 apuyêngan gègère wong ing Mataram [1: 55: Ma...taram] | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | pêpati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||
35–36 dari 225