Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 46
37–38 dari 225
364–373 dari 2.243
10.035 pra dipati antara samya lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gêrahing kasapta | tan wruh ing kawula gusti | wus byar raina | larut bala Matawis ||
10.036 sirna gêmpang wau saking pamondhokan | darbèke ingkang kari | pan samya rinayah | dening wadya Makasar | Panji Karsula agiris | pan kuthetheran | tinilar ing wadya lit ||
10.037 pan kalunta-lunta lumayu mring wana | sampun raina nênggih | mêdal Sang Hyang Surya | nora kêna tinata | wadya sampun [1: 56: sa...mpun] sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||
10.038 sira Panji Karsula lajêng mring Japan | lan sawadyanya wingwrin | wong măncanagara | tan amăngga puliha | kawuse kapati-pati | wong ing bang wetan | samya tilar nagari ||
10.039 wong Makasar ngungsêt sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | pan ingêsuk pisan | marang nagaranira | wadya bang wetan atintrim | mungsuh Makasar | kawus manahnya jirih ||
10.040 samya miris para bupati bang wetan | Pajarakan ambalik | Gêmbong Prabalingga | miwah ing Pasuruan | punika sampun ambalik | ing Wirasaba | Japan sampun ambalik ||
10.041 tiyang măncanagara miris sadaya | wadanane ambalik | ya ta kawarnaa | Radyan Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kingkin | langkung amerang | mantuk mring ing Matawis ||
10.042 nora wande dukanira sri narendra | măngsa manggiha urip | angrasa yèn tiwas | sira Panji Karsula | lungsêding manah dadya gring | datan akarsa | wau dèn usadani ||
10.043 kawarnaa Panji Karsula wus pêjah | santananya kang kari | wus atur uninga | mring Sang Prabu Mataram | yèn Panji Karsula mati | wontên ing Japan | nanging tan pêjah jurit ||
10.044 saundure wau dènira ayuda | mantuk mring Japan nagri | wong măncanagara | sampun balik sadaya | wadanane sampun balik | Ki Darmayuda | tundhuk pasrah nagari ||
37–38 dari 225