Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 46
42–43 dari 225
419–428 dari 2.243
12.015 yogya nuli ingutusan | karuhane sampun ngribêti pikir | ya ta rahadèn amuwus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | paringna Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||
12.016 utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | ya ta wau kang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika anèng ing Dêmung | pan sampun eca ing rêmbag | lan Raja Galèngsong singgih ||
12.017 mulane Ki Trunajaya | tan atunggal ngadhêpi kang nagari | bokmanawa wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokongi sing wuri ||
12.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên anênggih utusanipun | Radèn Prawirataruna | nulya glis dipun timbali ||
12.019 nanging [1: 64] ta Ki Trunajaya | masang gêlar api-api asakit | utusan gya prapta sampun | lawan maringkên surat | tinanggapan ingasta tinungka sampun | sinukmèng sajroning nala | pèngêt bêbukaning tulis ||
12.020 ingkang sêrat sira radyan | ya Prawirataruna ing Matawis | sarta salam donganingsun | dhatênga ingkang wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pakênira iki ||
12.021 mulane wong ing Madura | boya seba mring nagri ing Matawis | umarêk ing sang aprabu | yêkti kalamun sira | kang amênging seba marang ing Matarum | apa nyata mangkonoa | iya ujaring pawarti ||
12.022 lan maninge wong Madura | kinèn ngirit marang sri narapati | angluruga marang Dêmung | anggêcak wong Makasar | sampun têlas kang surat bêbukanipun | angling Radèn Trunajaya | marang duta ing Matawis ||
12.023 alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | amênginga aseba marang Matarum | saking dedene wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
12.024 ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | angluruga dhatêng Dêmung | kula dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | kawula dhatêng sumăngga | kang abdi acaos kardi ||
42–43 dari 225