Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 46
42–43 dari 225
414–423 dari 2.243
12.010 Radyan Prawirataruna | tansah dana mring bala agung alit | arta busana pan agung | miwah pra santananya | pan kinulawisudha sadayanipun | tiyang Prawiratarunan | suyude pan lair batin ||
12.011 tanbuh kang winalêsêna | pan kawratan dening dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajak têmpuh ing yuda | pan ing kono iya gon ingsun anaur | ing dananing gustiningwang | sun nauri lara pati ||
12.012 pêpak kang para niyaka | wong pasisir samya agunêm pikir | Prawirataruna muwus | marang para niyaka | kadipundi [1: 63: kadipu...ndi] ing karsa dika ngong tantun | aprakara ing Madura | lah kadipundi ing pikir ||
12.013 tan aseba mring Mataram | wus sawarsa malah punjul ing mangkin | manira iki ingutus | anèng ing Surabaya | wong Madura siji tan ana kang muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa rumiyin ||
12.014 nêdha mangke ingutusan | karuhane yèn ala lan yèn bêcik | para bupati wus rêmbug | kula miyarsa warta | Trunajaya ambêbêg sadayanipun | mila tiyang ing Madura | tan sowan marang Matawis ||
12.015 yogya nuli ingutusan | karuhane sampun ngribêti pikir | ya ta rahadèn amuwus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | paringna Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||
12.016 utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | ya ta wau kang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika anèng ing Dêmung | pan sampun eca ing rêmbag | lan Raja Galèngsong singgih ||
12.017 mulane Ki Trunajaya | tan atunggal ngadhêpi kang nagari | bokmanawa wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokongi sing wuri ||
12.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên anênggih utusanipun | Radèn Prawirataruna | nulya glis dipun timbali ||
12.019 nanging [1: 64] ta Ki Trunajaya | masang gêlar api-api asakit | utusan gya prapta sampun | lawan maringkên surat | tinanggapan ingasta tinungka sampun | sinukmèng sajroning nala | pèngêt bêbukaning tulis ||
42–43 dari 225