Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 46
43–44 dari 225
427–436 dari 2.243
12.023 alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | amênginga aseba marang Matarum | saking dedene wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
12.024 ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | angluruga dhatêng Dêmung | kula dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | kawula dhatêng sumăngga | kang abdi acaos kardi ||
12.025 nanging ta badan kawula | datan sagêd apan ta lagi sakit | nanging kang abdi sadarum | manira kon lumampah | rumiyina dene [1: 65] mangke sapungkurmu | wong Madura yèn wus dandan | nusul marang Surabanggi ||
12.026 ya ta sampun sinambrama | kang utusan pan sampun pinisalin | ya ta anulya tinundhung | duta pamit anêmbah | sampun mentar duta tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||
12.027 Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarya wotsari | wus katur sasolahipun | ya ta wau rahadyan | sampun wêruh lamun sinonggèng kramèku | rahadyan angunadika | nanging ta dipun ecani ||
12.028 sok kondura wong Makasar | wong Madura gampang kapanggih wingking | radèn pan sampun arêmbug | sawusira bubaran | sigra nuli amêpêk baitanipun | wong pasisir kadya gêrah | kadya udan sinêmèni ||
12.029 baita awarna-warna | apadene baitaning Kumpêni | ing laut umyang gumuruh | sami nêmbang têngara | apan sarêng dènnya babar layaripun | bandera sampun binabar | saksana katub ing angin ||
12.030 lir paksi krêdha rêratyan | apan sarêng angambara mring langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | kèhing layar sing jêmbar ing samodra gung | baita pating balêsar | dene palwane Kumpêni ||
12.031 winastan baita kapal | pan alayar anèng ing wuri têbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan wus minggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus samya prayitnèng wèsthi ||
12.032 wus minggir ponang [1: 66: po...nang] baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galèngsong amiyarsa | lamun tiyang Matawis pan sampun rawuh | kalawan para dipatya | pasisir kêrigan sami ||
43–44 dari 225