Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12–13 dari 46
45–46 dari 225
443–452 dari 2.243
12.039 tinitihan kang turăngga | busananya dinulu angajrihi | tan kawarna solahipun | wong Mataram lir yaksa | Radèn Wirataruna sabalanipun | minggirakên baitanya | miwah wadya ing pasisir ||
12.040 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir salong ngambang jêladri | miwah ta baitanipun | Kumpêni nèng samodra | amung Răngga Sêdayu kang sampun rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit Matawis ||
12.041 pan sampun prapta sadaya | samya mêntas anèng pinggir pasisir | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | pan anggênggêng wong Mataram barisipun | gêgaman mawarna-warna | anèng pinggiring pasisir ||
12.042 Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ngabèi Wirabumi | Ki Wirawăngsa anggrêgut | lawan Suramanggala | iya iku para prajurit Matarum | solahe lir wrêdu ăngga | angajak têmpuh ing jurit ||
12.043 datan adangu sêmana | wong Makasar wau mêtoni jurit | sarta sagêgamanipun | lan bêndhene tinêmbang | wong Makasar angajrihi solahipun | anglir pendah saradula | sêdhênge tan olèh daging ||
12.044 tiyang Mataram tumingal | tyang Makasar mêtoni ing ajurit | anêmbang têngara sampun | kumrap bala Mataram | wong pasisir apan ta sampun akumpul | mantri Madura malatar | tan ana sêdya ngunduri [1: 68] ||
13. Durma
13.001 ya ta para prajurite wong Makasar | Galèngsong anindhihi | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | kadya bajo angajawi | marang ing ngarsa | sarwi angagêm lêmbing ||
13.002 sigra mara sêsikêpe wong Mataram | sêdya angantêp jurit | ya ta binêdhilan | wong Makasar kang mara | swaraning sanjata muni | lir langit rêbah | mimis kadya garimis ||
13.003 nora kondur tiyang Makasar punika | pan samya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi | têmpuh ing yuda | lir udan sinêmèni ||
13.004 wong Mataram tan kandhêg sanjatanira | angamuk karo kêris | wênèh lawan tumbak | ingkang katrajang bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk lawan cundrik ||
45–46 dari 225