Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 46
44–45 dari 225
434–443 dari 2.243
12.030 lir paksi krêdha rêratyan | apan sarêng angambara mring langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | kèhing layar sing jêmbar ing samodra gung | baita pating balêsar | dene palwane Kumpêni ||
12.031 winastan baita kapal | pan alayar anèng ing wuri têbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan wus minggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus samya prayitnèng wèsthi ||
12.032 wus minggir ponang [1: 66: po...nang] baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galèngsong amiyarsa | lamun tiyang Matawis pan sampun rawuh | kalawan para dipatya | pasisir kêrigan sami ||
12.033 Raja Galèngsong ngandika | pan pinêpak sakèhing kang prajurit | miwah ta santananipun | sigra sami rêmbagan | wong Makasar sumêdya barêng anggêmpur | lir tigan sapatarangan | Raja Galèngsong mangkya ngling ||
12.034 lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | prajurit ing Mataram | dèn prayitna aja na tiwasing kewuh | pan wartane wong Mataram | baitane wus aminggir ||
12.035 dene ta sêdya manira | ing ayuda sun panggihi pasisir | lawan mêpaka parau | sêsampan lan lanangan | pilihana baita kang kukuh-kukuh | manawa prang nèng sagara | saosa baita alit ||
12.036 lah dhayungana kewala | ya marmane sun nganggo kang acilik | akêbat wêwatêkipun | lêmbing sira pêpakna | lah manawa kapapag prang anèng laut | padha siwonên kewala | ingsun dhewe kang ngawaki ||
12.037 sakèhe kang têtêlukan | wonging măncanagara nèng awuri | manawa ambalik kayun | wantu wong dudu băngsa | sira Dhaèng Marewa nulya wotsantun | mundur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
12.038 tiyang Makasar sadaya | wus siyaga kapraboning ajurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar [1: 67] | ngangkah-angkah yèn angarêpakên mungsuh | dèn akadya ge-agea | atêmpuha ing ajurit ||
12.039 tinitihan kang turăngga | busananya dinulu angajrihi | tan kawarna solahipun | wong Mataram lir yaksa | Radèn Wirataruna sabalanipun | minggirakên baitanya | miwah wadya ing pasisir ||
44–45 dari 225