Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
47–48 dari 225
465–474 dari 2.243
13.017 wong Prawiratarunan arsa mundura | pan katuwukan ing sih | samya pêjah ngajang | samya atatu dhadha | tan ana kang ngucap ajrih | sami palastra | kang wuri maksih wani ||
13.018 arsa mundur katingal sira rahadyan | mila anêmah pati | anêmpuh ing yuda | gêmpur sami palastra | Sewatruna sampun mati | atatu jaja | Manguntruna akanin ||
13.019 Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn wadyanya rusak | apan sami palastra | kudanira cinamêthi | para santana | prasamya aningali ||
13.020 alah payo kabèh santana manira | pan ingsun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun paduka ajurit | lamun kawula | gusti maksih aurip ||
13.021 yèn kawula gusti sampun apalastra | sakarsa dika wingking | kawula tan wikan | angling sira rahadyan | iya sun tarimèng ati | pracayanira | nanging sun milu mati ||
13.022 dyan umangsah Radèn Prawirataruna | kudane dèn camêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surake karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng maju ing jurit ||
13.023 ariwutan pangamuke wong Makasar | lir banthèng tawan kanin | atêmpuh ing yuda | panggih sami sudira | tan ana kang ngucap ajrih | pancas-pinancas | samya asilih ungkih ||
13.024 pan arame dènira prang [1: 71] long-linongan | wong Makasar angungkih | tangkêping ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balanya radyan | ing wuri maksih wani ||
13.025 Dyan Prawirataruna têtêg ing yuda | panggih prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk priyăngga | sêdyanira ambêk pati | sira rahadyan | angamuk mobat-mabit ||
13.026 Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | pan sampun ambêk pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja Galèngsong aruntik | ngatag santana | pan angamuk pribadi ||
47–48 dari 225