Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
46–47 dari 225
459–468 dari 2.243
13.011 sira Radyan Prawiratruna tumingal | rusake ingkang abdi | dyan mundhut turăngga | lawungira ingêmbat | pan sumêdya angawaki | pan abra muncar | busananing turanggi ||
13.012 alah iya panêdhaningsun ing Sukma | sun aywa kongsi mulih | marang ing Mataram | matia binandhosa | katura marang sang aji | dilalah uga | rusake ing Matawis ||
13.013 ingsun aja uning rusaking Mataram | datan bisa nglakoni | ngurbaya matia | anèng têngahing rana | kudanira cinamêthi | sira rahadyan | sumêdya angawaki ||
13.014 warnanira radyan lir binayang karya | sêmunira awilis | kang para santana | angiring datan têbah | kawan dasa winatawis | pan sêdyanira | barênga angêmasi ||
13.015 lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | lawan Ki Sewantaka | Jayatruna kang sawiji | iku santana | kalawan Wirakarti ||
13.016 dyan umangsah sira Prawirataruna | ingkang bala angiring | dyan [1: 70: dya...n] pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk mobat-mabit ||
13.017 wong Prawiratarunan arsa mundura | pan katuwukan ing sih | samya pêjah ngajang | samya atatu dhadha | tan ana kang ngucap ajrih | sami palastra | kang wuri maksih wani ||
13.018 arsa mundur katingal sira rahadyan | mila anêmah pati | anêmpuh ing yuda | gêmpur sami palastra | Sewatruna sampun mati | atatu jaja | Manguntruna akanin ||
13.019 Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn wadyanya rusak | apan sami palastra | kudanira cinamêthi | para santana | prasamya aningali ||
13.020 alah payo kabèh santana manira | pan ingsun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun paduka ajurit | lamun kawula | gusti maksih aurip ||
46–47 dari 225