Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
48 dari 225
471–480 dari 2.243
13.023 ariwutan pangamuke wong Makasar | lir banthèng tawan kanin | atêmpuh ing yuda | panggih sami sudira | tan ana kang ngucap ajrih | pancas-pinancas | samya asilih ungkih ||
13.024 pan arame dènira prang [1: 71] long-linongan | wong Makasar angungkih | tangkêping ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balanya radyan | ing wuri maksih wani ||
13.025 Dyan Prawirataruna têtêg ing yuda | panggih prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk priyăngga | sêdyanira ambêk pati | sira rahadyan | angamuk mobat-mabit ||
13.026 Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | pan sampun ambêk pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja Galèngsong aruntik | ngatag santana | pan angamuk pribadi ||
13.027 dyan Prawirataruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana | tumpês sami palastra | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||
13.028 Sewajaya undure atawan brana | linambung ing ajurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | nanging ta wus nandhang kanin | tan mangapaa | rahadyan maksih urip ||
13.029 dyan ningali santananira wus têlas | mila sangsaya ngungkih | tiyang ing Makasar | apan akathah pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||
13.030 Sewajaya amêthuk nungkêmi pada | matur sarwi anangis | wus anandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | sakathahe wadya sami | matur sadaya | ngantosi wong pasisir ||
13.031 abdi tuwan santana sadaya têlas | kawula nandhang kanin | taha yèn kawula | ajriha [1: 72: ajrih...a] ing palastra | awêlas dhatêng ing gusti | sêdya kawula | gusti ngaso kariyin ||
13.032 lah suwawi gusti numpaka baita | angungsi ing jêladri | gih tiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêna apêpulih | lawan ngantia | gih tiyang ing pasisir ||
48 dari 225