Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
46 dari 225
451–460 dari 2.243
13.003 nora kondur tiyang Makasar punika | pan samya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi | têmpuh ing yuda | lir udan sinêmèni ||
13.004 wong Mataram tan kandhêg sanjatanira | angamuk karo kêris | wênèh lawan tumbak | ingkang katrajang bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk lawan cundrik ||
13.005 rencangipun kang sami pêjah ing rana | pan ora dipun tolih | ingidêk kewala | pan lajêng ngamuk sigra | anglir banthèng tawan kanin | wadya Makasar | ebat kang aningali ||
13.006 wong Mataram ingkang mundur tawan brana | kang katrajang sirnanting | angisis sadaya | sarêng têmpuh ing yuda | tangkêpira ing ajurit | ulêng-ulêngan | lir gabah dèn intêri ||
13.007 kadi gêrah swaraning bala kabranan | wong Mataram awingwrin | de pangamukira | wong Makasar lir yaksa | datan mundur dèn bêdhili | prajuritira | wong Mataram ngawaki ||
13.008 Surawăngsa kalawan Suramênggala | Ki Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng [1: 69] ngangsah ing yuda | santananira ngawaki | kathah kang pêjah | rame têmpuh ing jurit ||
13.009 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sêndawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging gaman Makasar | pangamuke tanpa tolih | tiyang Mataram | katrajang sirna ênting ||
13.010 prajurite wong Mataram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramanggala | undurnya anandhang kanin | pan binabayang | rusak wadya Matawis ||
13.011 sira Radyan Prawiratruna tumingal | rusake ingkang abdi | dyan mundhut turăngga | lawungira ingêmbat | pan sumêdya angawaki | pan abra muncar | busananing turanggi ||
13.012 alah iya panêdhaningsun ing Sukma | sun aywa kongsi mulih | marang ing Mataram | matia binandhosa | katura marang sang aji | dilalah uga | rusake ing Matawis ||
46 dari 225