Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
50–51 dari 225
494–503 dari 2.243
13.046 ya ta wau myang karaos ingkang garwa | dèn bêcik sira kari | sun têmah palastra | anèng têngahing rana | rahadyan kabyat ing kanin | sampun palastra | radèn [1: 74: ra...dèn] sigra gumuling ||
13.047 apan arsa tinigas mustakanira | Kumpêni anulungi | minggah saking palwa | tiyang Ambon punika | tiyang Trênate nulungi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
13.048 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kuwawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||
13.049 wus karêbut layone radèn punika | nuli binêkta aglis | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | wau kang palwa Kumpêni | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
13.050 sakarine wau kang para santana | angiringakên mayit | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wadya pasisir | labuh sadaya | wau anèng jaladri ||
13.051 datan ana mêntas marang ing dharatan | apan kongsi alami | anèng ing samodra | ya ta apagunêman | Ki Suramanggala angling | Ki Surawăngsa | Răngga Sêdayu nênggih ||
13.052 lan malihe Ki Ngabèi Surawăngsa | Suramanggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jaladri | tanpa wêkasan | dene prau tan minggir ||
13.053 tan kuwawi manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadya sumêlang | inggih Kumpêni puniki | tan tuhu uga | dene tan angrencangi ||
13.054 lan malihe wong Sampang wadya Sumêdhang | tan wurung anungkêbi | yèn suwawi karsa | dawêg minggah punika | kali [1: 75: ka...li] Paeton ingungsi | takon baita | sami mondhok ing kali ||
13.055 sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | angetan manira | datan arsa dhèrèka | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jêladri ||
50–51 dari 225